RSS

Alap-Alapan Setyaboma

durna

Kocap-kacarita nalika semana, calon temanten kakung Dhahyang Druna dening Rekyana Patih Sengkuni, kinanthi manjing pepengkeran linukaran busananipun, badhe siniraman toya mawar kang wus wayu seminggu. Kacidhuk ing siwur tumunten kasiramaken Pandhita Druna sanalika saking asrepipun dados katisen kadhabyang-dhabyang . Ajelih-jelih kathah para pawongan ingkang samya angupakara dhateng Pandhita Druna. Cekat-ceket trengginas trampil Rekyana Patih Harya Sengkuni marintah dhateng para abdi supados damel toya benter. Sasampunipun umob denya anggodhog toya siniramake dhateng Pandhita Druna toya umob, dadya kagyat anjondhil-njondhil sarwi ajelih-jelih, jroning batos Pandhita Druna angundhamana dhateng Sang Rekyana Patih Harya Sengkuni tinarka kinarya gulang-gulang. Toya asrep kasrepen , kang benter kebenteren. Dangu-dangu dhawuh dhateng abdi inya maringaken salembar andhuk kaclupaken toya panas kinarya sibin wiwit jejangga ngantos dumugi ing bathuk. Wus paripurna denya siram, lenggah ana dhingklik suku sekawan linuruban seta, Pandhita Druna arsa paras, Rekyana Patih Harya Sengkuni wus nyandhak lading panyukuran , nanging dangu boten kaasah mila sadhela-dhela kirig-kirig Pandhita Druna. Dhasar Pandhita Druna wus dangu boten siram jamas , mila gemblek rikmane, ginunting rada alot sinendhal anjola. Kinerik kang alis dadya gedhe cilik, kang tengen alise gedhe sing kiwa cilik, godhege papak lancip. Sing tengen papak, sing kiwa lancip . Awit saking sumengkaning manah Pandhita Druna sarwi gibas-gibas, nuding-nuding sangandhaping grana sung sasmita supados ngerik kanang brengos. Kanan-kering wus resiki amung kantun setengah , kaya laler mencok. Jawes ngalewer, jenggot maksih wetah . Kanan-kering ponang pipi wus katingal anglunthung, sanalika angadhep pangilon , dupi Pandhita Druna angilo kagyat dupi amulat dhateng praupanipun piyambak , mila nangis sesrenggukan daleweran kang waspa , jroning batin sakedhap atebah jaja atampel wentis , ngawe dhateng Patih Harya Sengkuni nyasmitani arsa miwiti busana. Awit saking keparengipun Prabu Duryudana, labet saking sih sutresnanipun dhateng Pandhita Druna, pinaringan calana keprabon. Dupi kaagem sanget anggenipun kagengen. Suku setunggal mbaka setunggal manjing jroning calana ngantos dumugi jangga inggiling clana . Boten estu kaagem kacopot malih tumunten cinaosan ngampil clana cindhe puspita dening Raden Citraksi kaagem sesak amung ana ndhuwur dhedhengkul, tumunten kacopot malih , dangu-dangu saking mutunging penggalih Pandhita Druna apa ingkang cinepeng kabanting , apa ingkeng cedhak kasikut, sarwi munya-munya sakarsanipun pribadi. Tanggap grahita Rekyana Patih Sengkuni sanalika manjing jroning sana busana. Ana pethi gedhe kang kagotong mijil saking sana busana , dupi kabuka jroning kothak kang ana amung penganggon reyog . Saya sru dedukanipun Pandhita Druna . Kacarita karawuhan Dewi Gendhari , sanalika wus pinaringan busana sapantese, senadyan sesak –sesak pineksa. Awit saking panjanging sabuk kaubetaken ing bangkekan ngantos dumugi sangandhaping jaja ngantos kaya wujude wong kembenan , denya miru nyamping rong tebah jembare, denya nyampingan sadhuwure dhengkul ingkang tengen, ingkang kiwa sangandhaping polok , ngagem wangkingan kang dawane sadhepa mila dupi sinengkelit ing gigir dumugi sanginggiling gegithok, mila boten saged ndangak Pandhita Druna amung tumungkul kewala, nanging ajrih lamun arsa sambat semu kalingseman hangawe Rekyana Patih Harya Sengkuni supados nyawisake pupur lan bebenges . Gita-gita gugup Patih Sengkuni nyaosake wadhah pupur lan benges, binukak sadaya ketingal wus telas tan ana tabete , kang ana amung injet mungweng papan kinangan , astane Pandhita Druna kinobokake ing wadhah injet tumuli kinarya pupuran , mila mero-mero sadriji kandele , sareng sampun garing boten bisa ebah boten bisa tumingal apa ingkang kadulu karana idepe kraket lan tlapukane . Jroning dhatulaya tansah ger-geran para pawongan kang samya gumujeng dhateng solah bawane Pandhita Druna.

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog