RSS

Hartati

NGURI-URI TEMBANG JAWA REREPENE WONG BIYEN
PETHIKAN MANCA WARNA
Sekar Dhandhanggula
Dening : S. Warsito

1. Bantal panjang yen dalu tan guling,
Padhang bulan kekadhar neng latar,
Thenguk-thenguk lingguh dhewe,
Angin ngidit sumiyut,
Saya kekes rasaning ati,
Rumongsa yen wong lola,
Tanpa bapa biyung,
Yen rina karanta-ranta,
Lamun dalu kelingan ra duwe dhuwit,
Sapa kang melasana.

2. Kuning-kuning adhine sing kuning,
Kuningira gawe lara branta,
Wong kuning luwes dhong-dhinge,
Katon nglela wong ayu,
Yen sarean katon nglamlami,
Ing dhuwur manuk garudha,
Abang netranipun,
Ja nucuk ing mripatira,
Anucuka bebaya beka wong kuning,
Kareben tutug nendra.

3. Kuning-kuning kuninge mathing-thing,
Astanira nggandhewa pinenthang,
Midhangira andhetheng,
Thi-athi pating clakenthung,
Katon wela,wela tur cetha,
Ing dhuwuring bathuk,
Ngagema kebayak pethak,
Acundhuka warnane sekar melathi,
Ngemba putri Wiratha.

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog