RSS

Geguritan 1990 – Saiki

Urip

Kidung, padha durung rampung
Ati kedlarung-dlarung
Omah dadi suwung
Liwung

Sanepa, durung salin rupa
Ana ngengekan dhuwur paga
Kadhudhah gegambaran mung sajuga
Mendah olehe ngrerepa

Apa iki atine urip
Kanyatan ora mesthi sairip
Apa becike memba warna
Malih rupa, salaras karo grana
Sauger ora dadi wisuna
Guyon-guyon parikena
Guyone wong ngayawara
Aja kaselak muring
Urip iki rak sandiwara
(Hartono Kadarsono, Panyebar Semangat. No. 49, Desember 1990)

 

Tanah Sabrang
Esemu jebul mung lamisan
Guyumu manis bratawali
Tiwas tak labuhi pati

Banjur uncat nang tanah sabrang
Nggawa karep abang mbranang
Lara ora tan nggo rasa
Pahit ora tak nggo itung

Ngrengkuh kahanan kang omber
Mujur malang tak lakoni
Nemahi lelakon kang dak sanggemi.
Esemu … guyumu …
Tak byuri pangapura.
(Hariwijaya, Antologi Puisi, Bejiharjo, Gunungkidul, 1999)

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog