RSS

Cangkriman Tembang

Pocung

Bapak pocung dudu mega dudu mendhung,
Ngambah dirgantara,
Darbe swiwi pindha peksi,
Lunga teka si pocung ngumbar suwara.

Wujudipun naming alit gondhal-gandhul,
Mapan ing talingan,
Agemaning para putri,
Anting-anting jangkepe ngadi busana

Bapak pocung tanpa untu darbe siyung,
Badanira panjang,
Tutukira pan pesagi,
Dina-dina pucung nedha buntutira. (setut)

Bapak pocung isih enom klambi gadhung,
Yen wis rada tuwa,
Si pocung klambine kuning,
Tuwa pisan si pucung klambine abang. (mlinjo)

Bapak pocung urut dalan membat mentul,
Dawa kaya ula,
Ing tengahe kempas-kempis,
Prapteng wisma sipocung kanggo dandanan. (empring)

 
Asmaradana

Batangen cangkriman iki,
Ana titah ora lumrah,
Datan lali mring wismane,
Dinumuk nyimpen sarira,
Bangsa kisma dhaharnya,
Yen tindak ing warih tamtu,
Mripatnya naloler panjang.

Wontên ta dhapur sawiji,
tanpa sirah tanpa tênggak,
mung gatraning wêtêng bae,
miwah suku kalihira,
nging tanpa dalamakan,
kanthaning bokong kadulu,
rumakêt ing para priya .
Dhandhanggula

Ula-ula tan ana kang mandi,
Aja wedi singa nemonana,
Waton empuk pijetane,
Ana menir saberuk,
Banyu pait yen tetes legi,
Banyu bisa sekolah,
Nora bisa luluh,
Sapa bisa ngukur meja,
Uceng-uceng neng banyu tan bisa urip,
Tan kuwat melek sajam.

 

Sinom

Wonten wawarnen katingal,
Wong sajagad andarbeni,
Miwah kang sarwa tumitah,
Nora sepi amarnani,
Dhapurira nut maring,
Kang andarbeni wus tamtu,
Milu saparan-paran,
Barang somah amrepeki,
Ewadene tan ana bangkit nyekela.(ayang-ayang)

Tan darbe sirah mung tenggak,
Pundhak myang bahu kekalih,
Lengen nanging lir gelitan,
Epek-epek tuwin driji,
Miwah tan darbe sikil,
Gatraning gigir kadulu,
Sarta gatraning madya,
Jaja bengkah sapanginggil,
Dadi kupu tarung inebira. (klambi)

Wonten praja tanpa janma,
Kutha tanpa baluwarti,
Sumawana tanpa wisma,
Samodra utawi kali,
Sami datanpa warih,
Pasawahan tegal talun,
Sami tanpa taneman,
Tanpa kayon wana ardi,
Sato peksi inggih tan wonten katingal (peta, atlas)

 

Pangkur

Badhénên cangkriman ingwang,
tulung-tulung ana gêdhang awoh gori,
ana pitik ndhasé têlu,
gandhènana êndhasnya,
kyai dhalang yèn mati sapa sing mikul,
ana buta nunggang grobag ,
sêlawé sunguting gangsir .
(Djaka Lodang, No 49 : 3 Mei 1997)

Ana uga cangkriman kang isine kaya bab kawruh kebatinan, tuladha :

Pêcating nyawa barêng blêdhosing bantala, lukar busana nyêmplung kawah candradimuka, supayané sampurna dikanthèni sa cacah têlu (= téla pohung)

Tela kaspa dibedhol, dionceki banjur digodhog, bumbune : sarem (uyah), santen , lan salam.

NYATA KOWE WASIS
Nyata kowe wasis,
Bedheken sing gelis, lis, lis, lis
Cangkriman telu iki
Jangkrik sungut slawe batangane apa
Manuk ndhase telu batangane apa
Paman demang, klambi abang, bang, bang, bang disuduk
manthuk-manthuk

Bedheken sing gelis, lis, lis, lis
Cangkriman papat iki
Banyu bisa skolah, batangane apa
Menir bisa sakberuk, batangane apa
Sapa bisa, sa, ngukur meja, ja, ja, ja
Tan kuwat melek sajam

Katrangan
Ing tembang pada kapisan cangkrimane ana telu yaiku
Jangkrik sungut selawe = jangkrik iku sungute gedhene salawe
Manuk ndhase telu = manuk iku endhase dibuntel wulu
Paman demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk = kembang
gedhang (tutut)
Parikan 1 lan 2 kalebu parikan blenderan, parikan 3 kalebu
parikan irib-iriban.
Ing tembang pada kapindho cangkrimane ana papat yaiku:
Banyu bisa sekolah = akehe banyu bisa sakolah
Menir bisa saberuk = akehe menir iku bisa saberuk
Ngukur meja = ngukur nganggo kuku (nggaruk)
Melek sajam = gedhene padha karo jam
Parikan 1, 2, 3 , 4 kalebu parikan blenderan/ srekalan.

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog