RSS

Gurit Kartini

RADEN AJENG KARTINI
Dening : S.Hadit)

Paduka lelumban ing madyaning bangsa kawula
Amemayu-ayu utamaning wanita
Nedya anggayuh luhuring putri mardika
Paduka yekti kusumaning putri utami

Eman, gegaran tuntunan paduka nenangi panalangsa
De paduka tega enggal anilar kawula

Yekti palupi paduka akarya aji majenging putri
Gumregah ing manah, gumareget ing cipta
Mempeng ing sedya badhe tut wuri paduka

Selendhang sutra paduka kumlewer ing angga
Angemban dhawuh ingkang dhumawah ing para wanita

Kawula lila legawa, lelumban angabdi bebrayan
Anggelar sumebaring idham-idhaman ingkang tinilar
Rukun rerentengan datan bebencengan ing sedya
Tilaran tetuladhan tepa palupi paduka
Kawula impi-impi ing siyang ratri
Kawula tinumusan ing karsa paduka
Tilaran palupi pangabdi ibu pertiwi
Wasiyat sudarsana pangawula nusa bangsa
Mangka sarana amardi luhuring nusantara

 

GEGURITAN KANGGO R.A. KARTINI
Dening :Mohammad Yamin M.S.

Mungguh kembang iku isih wangi lan seger
Bakal dakpethik lan dakencup arume
Kembang wus megar sanyatane dudu mung paes

Arum, arum sarine sumebar angambar
Katiyub angin gunung, angin desa lan kutha gedhe
Kembangmu putih uga abang maya, isih katon isih ganda
Jroning nalar jroning nala
Kapan maneh ana mekaring sekar-sekar kaya pasuryanmu

Endah ngresepi
Nyebar wangen ing tlatah iki

 

R.A. KARTINI
Dening : T.S. Anggraini

Samengko raga wis lebur wor lan lemah
Mung wewayangan ngrengga lembaran sejarah
Bapas lawas
Lan ganda arum angambar-ambar

Kubur lan wewayangan
Kaca benggala ngegla ing panon

Gendhing panggugah
Suluhe jiwa wanita
Mekare puspa anjrah sumebar
Yen noleh wuri ….
Jasa-jasane kartini kusumaning negari

KARTINI
Dening : Ari Pratiwi

Kartini ….
Sliramu pelopor bumi pertiwi
Pejuang kaum putri

Kartini ….
Jasamu ngarum tanpa mati
Asmamu kaucap nganti tekan saiki
Sliramu kadya cahya geni
Madhangi petenge dina wengi

Kartini ….
Sliramu kadya oboring ati
Endah, tulusmu kanggo bumi pertiwi
(DjakaLodang No.47, 24 April 2010)

 

JUMEDHULE KARTINI-KARTINI ANYAR
Dening : Soegiyono MS
Kacarita jumedhule Kartini-Kartini anyar
Penampilane gumebyar
Gandane arum angambar
Pasuryane sumringah sumunar
Rasa jiguh pakewuh lan wirah wus ngabar

Unggah-ungguh suba sita tata trapsila kawanitane wus tinilar
Kesah ijen ing wanci dalu wus boya samar
Dhadha, pupu digelar
Hawa napsune diumbar
Notole rasa asmara mulad makantar
Durung-durung wetenge wus melar
Durung krama wus mbabar

Jabang bayi lair, pinrawasa tiwas
Kunarpane si jabang memelas
Bayi dibuwang diwadhahi tas
Kanggo mbuwang tilas
Nanging pokale konangan petugas
Biyunge si jabang dirangket, dilebokake lapas
o….. alah toblas, toblas
Anak kadhal kawu ampas ….!!

 

WELINGE KARTINI
Dening : Imah Prakosa

Ana wulan April iki
Sliramu wungu nggugah wong turu
Kang padha lali
Marang padhanging surya
Angeting bagaskara
He … para puteri

Apa kowe lali welinge Kartini
Ngudi ngelmi saindhenging negri
Kanggo madhangi bumi pertiwi

Lintingen klambimu
Kencengna gelungmu
Ayo …. brastha memala
Kang cumondhok ana raga
Kang nlikung jiwa

Tangi ….
Jenggirat
Cancut taliwanda
Makarya kanggo nusa lan bangsa
(Djaka Lodang No.46, 16 April 2009)

 

 

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog