RSS

Wangsalan

UNDHUH POWER POINT WANGSALAN

1. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelakake batangane utawa tebusane sarana sinandhi, lire olehe mratelakake batangane ora melok, ora diceplosake, mung dipratelakake (dituduhake) sawanda utawa luwih.
Tuladha : Jenang gula, aja lali.
Wanda “li” ing tembung “lali” iku nuduhake manawa wangsalan “jenang gula” iku batangane glali (Padmosoekotjo, 1960:6)
Tuladha Wangsalan:
• Balung geni, mbokmenawa aku mrene maneh liya dina (Mawa)
• Sarung jagung, bobot-timbang ana kowe. (klobot)
• Balung janur, muga-muga sida temenan. (Sada)
• Bantal dawa, kudu eling sing peparing. (guling)
• Gelang alit munggweng driji, aja lali karo aku. (ali-ali)
2. Wujude Wangsalan
a. Wangsalan Paguneman (lumrah)/ padinan
• Bocah kok olehe ngembang lombok, menik-menik (kembang lombok = menik)
• Anggone mlaku nguler kambang, mung satitahe bae (uler kambang = lintah)
• We lha kembang jambe, begja kemayangan tenan (kembang jambe = mayang)
b. Wangsalan kanthi Wilangan 4, 8
Wangsalan iki lumrahe tinemu ing sindhenan, senggakan, gerongan lan basa pacakan.
Wilangan kang 4 pinangka wangsalane (cangkrimane), dene kang 8 pinangka tebusane. Kang kalumrah kanthi purwakanthi swara.
• Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso (eso)
• Klapa mudha, leganana dimen suka (degan)
• Gentha dara, yen sinawang saya ngegla (sawangan)
• Mendhung seta, doyan karya gawe lega (mega)
• Sawer plonthang, jroning ati ywa sumelang (welang)

c. Wangsalan kanthi Wilangan (4, 8) x 2
Ukara kapisan wangsalane, ukara kapindho tebusane.
• Jenang sela, wader kalen sesondheran (apu, sepat)
Apuranta, yen wonten lepat kawula.
• Wohing tanjung, wanara anjani putra (kecik, Anoman)
Becik apa, wong anom wedi ing karya.
• Gayung sumur, kewan gung granane dawa (timba, gajah)
Aja kemba, njajah desa ngulandara.
• Petis manis, pupus tebu saumpama (kecap, gleges)
Aja ngucap, nora teges tanpa guna.
• Gentha dara, jemuah ing jaman kuna (swangan, sukra)
Sawangane, datan suka ing wardaya.

d. Wangsalan Edi Peni ( 4, 8 ) x 2
Kanthi wiletan purwakanthi basa lan purwakanthi guru swara. Tegese , tembung kang wis diucapake ing pungkasaning gatra, dibaleni maneh pinangka wiwitaning gatra candhake.
• Ari Sena, Sena gelung minangkara. (Arjuna, Werkudara)
Puji arja, mrih antuk sihing bandara.
• Kolik priya, priya kang tinilar garwa. (Tuhu, dhudha)
Lamun tuhu, pepadha tresna ing kalbu.
• Yaksa dewa, dewa dewi lir denawa. (Bathara Kala, Durga)
Kala mudha, singkirna sakeh durgama.
• Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra (pang, kayu urip)
Nora gampang ,wong urip neng ngalam donya
• Bima putra, putra ing lesanpura (Gathutkaca, Setyaki)
Dadya kaca, setya tuhu ing ubaya.

e. Wangsalan Tembang
Wangsalan ing tembang iku pathokane manut paugerane tembang. Lire guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune kudu kecekel.    Dununging wangsalan lan tebusane manasuka.
1) Pocung
Sarah madu kunir pita jangkrik gunung, (malam, temu, gangsir)
Lam-lamen tyas ingwang,
Yen tan temu sira gusti,
Sawer plonthang ing tyas anggung melang-melang. (Welang)
(DJ. Subroto, 2007: 82 – 89)
2) Gambuh
Kajeng manis witipun, (tebu)
Buron alit neng bantala selur, (semut)
Lah emuta sira kadadean bumi,
Deling kang pangapit salu, (waton)
Adat kang dadi wewaton. (Djaka Lodhang No. 19 Th. 2006: 33)

f. Wangsalan liyane
Tinemu ing Sekar Tengahan, Sekar ageng, Gendhing-gendhing gagrag anyar, Cakepan-cakepan sindhenan, Lagu-lagu Campursari, Pop Jawa, Langgam, Keroncong, lsp.

Tuladha
Petis Manis (Ki Narto Sabdo)
Petis manis pupus tebu saumpama, (kecap, gleges)
Kepriyen werdine, aja ngucap nora teges tanpa guna,
Kepriye karepmu, petis manis sarpa langking saumpama,(ula dumung)
Kepriye werdine, aja ngucap yen ta amung samudana,
Damar mancung, nyupet rasa kang samar, gagar wigar pikolehe,(upet)
Mula teja bengkok ngirup toya, (kluwung)
Trima luwung kanggo kanca jroning sepi,
Muna-muni , petis manis yen ngucap sing ngati-ati,
Tansah tak enteni, dadi kanthi nyata bebrayan sejati.

3. Carane ngarang wangsalan

Sing dikarang luwih dhisik perangan sing mburi (ukara batangane), banjur ngarang perangan ngarep (Ukara wangsalane). Dadi ngarange perangan ngarep tiba kari.
Tuladha:
Para siswa, keparenga manembrama.
Ukara mau gatrane sing ngarep ” para siswa”, dijupuk sawanda sing kena dianggo wangsalan. Upamane wanda wa dianggo wangsalan sing batangane lawa kanthi unen-unen kalong alit.
Gatrane sing mburi ”keparenga manembrama” uga dijupuk sawanda, dipilih sing kena digawe wangsalan. Upamane wanda reng, digawe wangsalan sing batangane areng, kanthi unen-unen wreksa sisaning dahana.
Dadine wangsalan banjur: Kalong alit, wreksa sisaning dahana.
Para siswa, keparenga manembrama.
Bisa uga diothak-athik gathuk mangkene:
Gatra sing ngarep (para siswa) dijupuk wandane sis kanggo wangsalan sing batangane Nabi Sis. Gatra mburi (keparenga manenmbrama) dijupuk wandane nem kanggo wangsalan kang batangane nenem/enem. Dadine wangsalan banjur:
Adam putra, wilangan catur lan kalih.
Para siswa, keparenga manembrama.

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog