RSS

Cerkak

OH …..SERTIFIKATKU

Dening : Pak Jarno

            Kaya adat saben ngarepake subuh aku wis ngengrengake ceret kanggo gawe wedang apadene gawe sarapan sarupa-rupane kanggo ganjel weteng. Pancen sajeg jumbleg wiwit aku omah-omah karo Indri sisihanku sing dak nikah wis 17 taun seprene ora tau jenenge ngganggu bojoku sing isih njintel turu karo ngeloni anakku ragil. Ora mung iku wae malah kepara aku ora tau ngrepotake bab urusan umbah-umbah sandhangan apadene nyetlika, kabeh daktandangi dhewe. “Yen bisa dilakoni dhewe kena apa ndadak prentah wong liya” iku prinsipku.

“Kula kepengin maringi conto dhateng ingkang wayah Nita menapa dene Citra Bu!” Kandhaku mantep.

“Rak wonten pitutur luhur ta Bu: ‘Tuladha iku luwih aji tinimbang sewu pitutur’, nah Nita kaliyan Citra menika rak sampun ngancik remaja ingkang mbetahaken sosok panutan ingkang saged dipunconto boten namung prentah utawi pitutur kemawon. Kula boten kepengin ‘Lambe satumang kari samerang” jlentrehku sajak ngguroni ibuku.

“Nah samenika rak sampun wonten buktinipun, Nita kaliyan Citra menika saben bibar nedha mesthi ngesahi ajangipun, ugi purun ngumbahi sandhanganipun piyambak boten sisah kula prentah”.

Mangkono iku wangsulanku nalika sawijining dina aku disendhu ibuku, geneya apa-apa kok klethekan dhewe, kaya ora duwe bojo wae. Nanging panyendhune ibu mau ora tau daktanduki, sebab aku kuwatir yen daktanduki mengko mundhak salin bubukan.

Rampung sarapan agahan aku nyawisake ubarampe kantor. Montorku siji thil Legenda tahun 2001 dak tuntun metu, daklapi lan dakpanasi. Nalika aku ngelapi montor iki aku mbatin “Oalah sing jenengane guru, bisa duwe montor wae kok ndadak kredhit BPD limang taun, njur kapan bisa ngiseni omah tanpa kudu kredhit kaya tanggaku sing katone ora nyambut gawe ning kok paribasane “dikeruk ngetuk, disusruk mumbul” ngono, aku nyilih istilahe Bu Niya kancaku guru. Limang menit aku manasi montor, age-age aku nyangklong tas lan  tleser-tleser ninggalake omah tumuju sekolahan ing laladan Gunungkidul sing adohe udakara 30-an kilometer. Iku wis ajeg dak lakoni 20 tahun seprene. Jam pitu kurang limalas menit aku wis tekan sekolahan. Lagi tekan ngarep ruang guru kancaku Demange Nglipar , Pak Wardaya takon:

“Duwe kerdhus pira Pak?”

“Ya ana yen mung 40, ning dilangi nole alias 4” Jawabku sakenane.

“ Wooo ditakoni tenanan!” Karo mecucu.

“Lha wong ora tau diklat kok ditakoni kerdus”. Wangsulanku

Pancen kanggone Pak Wardaya istilah “kerdhus” iku kanggo nyebut “sertifikat pelatihan”. Malah istilah “kerdhus”iki wis akrab banget kanggone kanca guru ing sekolahanku.

“Ana apa to Pak kok njanur gunung nakokke sertifikat pelatihan?”, miterangku.

“Awake dhewe oleh panggilan portofolio taun iki!” jawabe Pak Wardaya manteb.

“ Trus kancane sapa wae!”, pitakonku.

“Wong enem: aku, kono, Pak Prap, Pak Tono, Pak Purwo, Pak Agus!”, jawabe. “Ngadhepa Pak Kepala, nyuwun surat undhangan pembekalan neng Dinas Kabupaten!”

prentahe kaya bos. Sawise tas dak selehake aku age-age ngadhep Pak Kepala Sekolah.

“Selamat nggih Pak, panjenengan angsal giliran taun niki!” ngono ngendikane Pak Kepala Sekolah karo ngulungake tangan tengen.

“Matur nuwun Pak!” jawabku.

“Rak pun angsal kabar saking Pak Wardaya ta Pak?”, panyuwun pirsane Pak kepala. “Sampun Pak, nanging kula malah bingung Pak, menapa ingkang badhe kula   lebetaken wonten ing dokumen portofolio?” jawabku.

“Lha nggih sing njenengan gadhahi, napa sertifikat pelatihan, piagam kejuaraan lare-lare, rak kathah to Pak?” ngendikane Pak Kepala Sekolah.

“Walah Pak, menawi gadhah kathah boten bingung!”

“Lho Pak Tegar rak sampun 20 taun mucal, ta Pak, mosok boten kagungan sertifikat

pelatihan?” Miterange Pak Kepala sajak ora percaya karo keteranganku.

“Nggih menika Pak, kula nggih gumun, saben wonten diklat mesthi nggih namung kagem

Bapak ibu guru ingkang ngampu mata pelajaran ebtanas kemawon, kok boten nate  ngawontenaken pelatihan kangge para guru basa Jawi , ingkang dipun

Ubleg-ubleg kok namung guru-guru ingkang mata pelajaranipun kangge Ebtanas!” wangsulanku sajak protes karo pemerintah.Sawise nampa undhangan pembekalan aku banjur nemoni Pak Wardaya ana ruang guru.

“Duwe kerdhus pira Pak?” Pitakonku

“Ya, ana yen mung 25!” jawabe sajak pamer .

“Lha kok akeh temen, sajake ora tau diklat !” Panambungku sajak ora percaya.

“Lha ora akeh piye, lha wong layat wae takgolekake sertifikat kok!” Jawabe sakepenake karo gleyah-gleyah ninggalake ruang guru tumuju kelas 7A.

“ Oooo, semprul, bola-bali demange Nglipar, Arya Bahak, Dirjo Tambur nek omongan mung waton ngeyel!” Grundelku karo nututi Pak Wardaya saperlu mulang ing kelas 9B.

Jam katelu aku kosong ora mulang, mula kalodhangan iku dakpigunakake kanggo bongkar-bongkar file ing lemari TU. Nanging Sertifikat Pelatihan taun 1994 lan 1995 ora daktemokake. “Banjur neng ngendi lehku deleh ya” Grenengku.

“Pak Yanto, file PAK taun 96 napa tesih onten nggih Pak?” Pitakonku marang Pak Yanto staf TU

“Wah, nek taun semonten niku paling pun dirombengke!” wangsulane Pak Yanto

“Dirombengke?” pitakonku sajak ora percaya

“Nggih cobi jenengan podosi teng lemari gudhang  nika!” pamrayogane Pak Yanto.

Aku banjur tumuju gudang lan ngorak-arik file PAK sing wis kumel kucem dening  bledug malah akeh saperangan file-file PAK mau wis kepangan rayap.

“Nah……..candhak!” Pambengokku karo jogedan kaya Petruk suwe ora ketemu karo Gareng. Atiku rasane mak ces kaya nemu banyu wayu sewindu.

“Lumayan, iki sertifikat pelatihan taun 1994 pola 100 jam, bijine lumayan akeh!” Jawabku nalika ditakoni Pak Yanto geneya aku kok jogedan.

“Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah?”Pitakone batinku karo aku ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau.

“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo ngeyem-yemi atiku.

Budhal Sekolah motor age-age dakblandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar sholat Duhur lan mangan age-age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung ketemu.

“Bu, ngerti sertifat pelatihan ora bu?” Pitakonku marang Indri bojoku.

“Boten ngerti Pak, Lha le deleh wonten pundi?” Wangsulane Indri karo nonton TV

“Ya ketoke neng kene , neng rak buku dadi siji karo sertifikat liyane!”

“Lha biyasane jenengan nek nyimpen layang penting niku rak teng njero koper wesi niku

ta Pak?”.

Koper wesi tinggalane simbah banjur dakbukak, dakwetokake isine ana ijasah, BPKB, SK Capeg, lan SK-SK liyane. Nanging sing dakgoleki ora ana, ora ketemu!!

“Bocah-bocah padha ngerti ora ya Bu?” Anakku Nita lan Citra daktakoni ora ngerti malah bojoku lan anak-anakku wadon loro mau uga melu bingung nggoleki Sertifikat tahun 1995 mau

“Ana apa ta Pak kok sertifikate sajake penting banget!” Pitakone bojoku

“Nggo dokumen Portofolio, taun iki aku oleh panggilan sertifikasi, mangka dokumen A kuwi kudu asli kalebu sertifikat-sertifikat pelatihan uga kudu asli, ora oleh poto kopy!” Aku nerangka bojoku lan anak-anakku. Dumadakan nalika aku, Indri, Nita lan Citra ngethuprus ngandhakkake bab sertifikasi, anakku ragil Gilang teka, tangan kiwa nggawa kertas tangan tengen nggawa gunting karo omong:

“Pak gawekke topeng Batman!” Celathu mangkono karo ngulungake kertas sing wis diguntingi. Kertas daktampani jebul……….Gandrik! putune Ki Ageng Sela Kertas sing wis diguntingi Gilang anakku ragil mau jebul Sertikat Pelatihan sing dakgoleki setugel dina. Sirahku rasane kaya ketiban lintang sayuta, sumrepet panonku, dhadha njebebeg, ati judheg uleng-ulengan dadi siji. Cunthel.

(Kutuwates, 7/28/2009 9:28:34 PM )

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog