RSS

GURIT LUNGIT

NOSTALGIA SAWIJINING VETERAN PERANG ING DINA KAMARDIKAN
Dening : Turiyo Ragil Putro

a

Jumedhore mimis wis suwe ora keprungu
Sumiyute mesiu wis suwe ora nyamber rambut
Garis-garis revolusi wis suwe lempoh kesaput lebu jaman
Mung kari saplinthi getih kenthel
Sing angganda amis tekan poncoting lurung
Sedulur-sedulur mati enom sadurunge kasil kawin
Karo kekasih singtansah mompa semangat nganggo birahi
Utawa sing rila masrahake pati urip marang panase perang
Lan eklas manggul paite glodhogan sanggan sejarah
Raga karojah-rajeh sangkur musuh

Gusti, apa isih bisa aku ngaku iki dina
Mangsa ganti mangsa
Taun gumanti taun, urip iki sangsaya ora pengaji
Kamangka kabeh wis dakpasrahake kanggo rabuke revolusi
Marang perang lan getih
Marang tatu-tatu sing ora bakal pulih
Kabeh amarga wengise perang
Salembar urip tansah diece kamurkan kan kesumat
Maju palagan sangune tembang
Ing tengah dalan cinegat pedhang
Getih muncrat
Kamurkan mancur
Kesumat mancur
Nanging apa bisa, Gusti
Aku ngaku iki dina
Nalika gendera kumibar mawurahan ing akasa?

Bedhil wis karaten
Jiwa mung sesisih sing bisa ngucap donga
Donga paprangan, donga tumancepe pathok perjuangan
O, wis mamring donga sing kaucap salandhep mata glathi
Apamaneh mars-mars pangurbanan
Kabeh mung swara gumuruh, tembang mabuk, jerit birahi
Lan sesorah sing kaucap dening wong atopeng kyai
Keris lan bambu runcing mung landhep ing lathi
Idu angganda bacin
Ngregedi amanah, ngregedi sejarah
Kekendelan kari wujud suket sampar lemah

Getih revolusi, getih birahi anak pertiwi
Ora perlu para veteran ngucap nrasani
Kemakmuran sing wajib disyukuri
Sing wajib tumrap para lanang
Suthik mundur tinimbang wirang

Iki jaman bocah ngece garitan sejarah
Wuta donga lan cumithake tembung amanah
Ora prelu ngronce kekudangan, ora prelu
Njaluk bali tebusane perjuwangan
Uga para penggurit
Aja ngimpi dadi pahlawan tumrap manungsa
Atas kasusilan sing wis suwe dadi kunarpa

Bocah-bocah sisane perang
Sing lair antarane sumiyute mesiu lan kumilate pedhang
Suket ijo lan kembang mlathi
Tanduran ing pasareyan kusuma nagri
Sawurna ing nisan jagad-jagad revolusi
Aja ngenteni pengetan dina kamardikan
Aja ngenteni tekane dina pahlawan
Awit biyen ora nate mimis mandheg jumedhor
Gulu tansah pinancung
Getih tansah mancur
Nyawa tansah mabur
Sawurna, sawurna
Ora ketang mung sagegem turahan donga

Aku paraga veteran perang
Lila legawa dadi cagak gendera agung
Tansah siyaga kanthi bedhil siyap micara
Bela negara nganti tuntas tetes ludira
(Ambal kebumen 1993, Jawa Anyar : 9 Agustus 1993)

 

LAYANG SAKA PALAGAN
Dening : Moch Nursyahid P

Aku ora kirim mimis lan granat nanas
Bedhilku isih sumendhe lan granatku isih durung dak bledhosake
Kangenku aja kok tampani nganggo eluh
Mundhak mrentul dadi wisa sing nggrogoti ati waja

Aku ora kirim mimis lan granat nanas
Sebab tapihmu isih kukuh durung kambon ati slingkuh
Kaprecayanku aja oleh dituku nganggo roti lan keju
Mundhak njugrugake betengmu dadi bedhah

Aku ora kirim mimis lan granat nanas
Sebab awakkudurung sayah lan tanganku durung semplah
Nalika asep bedhil kumlebet bareng angin liwat
Ana prajurit gugur tanpa sambat
(bojoku lan anak-anakku, pira suwene urip iki?)
GEGURITAN KANGGO R.A. KARTINI
Dening :Mohammad Yamin M.S.

Mungguh kembang iku isih wangi lan seger
Bakal dakpethik lan dakencup arume
Kembang wus megar sanyatane dudu mung paes

Arum, arum sarine sumebar angambar
Katiyub angin gunung, angin desa lan kutha gedhe
Kembangmu putih uga abang maya, isih katon isih ganda
Jroning nalar jroning nala
Kapan maneh ana mekaring sekar-sekar kaya pasuryanmu

Endah ngresepi
Nyebar wangen ing tlatah iki

 

 

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog