RSS

Suluk Pedhalangan

 SULUK PEDHALANGAN

Perlu kawuningan bilih  seratan  menika kapendhet saking buku SULUK PEDHALANGAN , anggitanipun swargi S. Padmosoekotjo , terbitan PT. Citra Jaya Murti ing Surabaya 1979. Tandha-tandha ejaan ing teks asli basa Jawi Kina boten kula tedhak awit  kula dereng nggadhahi perangkat lunakipun. Nuwun.

  1. Sulukan Pathet Nem Ageng

        Leng-leng ramya nikang sasangka kumenyar mangrengga rum ing puri,
       Mangkin tan pasiring halep ikang umah mas lwir murub ring langit,
       Tekwan sarwwa manik tawingnya sinawung saksat sekar ning suji,
       Unggwan Bhanumati yan amrem alango mwang natha Duryyodhana.

Tegese ing Basa Jawa
Endah anglam-lami rembulan kang sumunar ngrenggani kadhaton,
Njalari saya tanpa timbang endahe suyasa  kencana (omah emas) mau kaya murub ing langit,
Apa maneh tebenge linapis sesotya maneka warna  kaya kembang rinonce.
Ya ing kono mau papan padunungane Dewi Bhanumati manawa sare karo Prabu Duryyudhana.
Katrangan
Jenenge tembang  kakawin ing ndhuwur sardulawikridhita , tegese dolanan macan (sardula = macan;
wikridhita = dolanan). Isine nyaritakake candrane endahe kadhaton Hastina ing wanci bengi pinuju padhang
Rembulan.
Tembang ing ndhuwur kanggo sulukan laras slendro pathet nem ageng ing jejer kawitan. Kepara luwih mathuk
Lan mathis maneh manawa kanggo jejeran kawitan negara Hastina .

2.      Sasampunipun Sulukan Pathet Nem Ageng, saderengipun Wiwit Ginem      

Lengeng gati nikang hawan sabha-sabha niking Hastina,
Samantara tekeng tegal Kuru nararyya Kresnan laku,
Sirang Parasurama Kanwa Janaka dulur Narada,
Kepanggih irikang tegal milu karyya sang Bhupati.

Tegese ing Basa Jawa   
Asri nengsemake kahanane dalan kang ngener tumuju bangsal sarasehan Hastina,
Bareng tindake  Prabu Kresna tekan ing Tegal Kuru,
Panjenengane kepethuk karo Parasurama, Kanwa, Janaka bebarengan tindake karo Narada;
Dewa papat mau padha melu mbiyantu pakaryane Sang Prabhu Kresna.

Katrangan
Tembang Kakawin ing ndhuwur nyaritakake nalika Prabu Kresna dadi dutane para Pandhawa  tindak ing Hastina, nedya nganteb tekade Duryudhana: Bakal mbalekake negara Indra Prastha kang ditotohake ing kasukan dhadhu lan separone negara Hastina apa milih perang Bharatayudda.

3.      Ada-ada Greget Saut
Irika ta sang Ghatotkhaca kinon mapag  arkhasuta,
Tekap ira kresna Partha maneher muji sakti nira,
Sang inujaran wawang masemu garjjita harsa marek,
Mawasana bhagya yan hana  pakon ri patik nrpati.  

Tegese ing Basa Jawa
Nalika iku Sang Gathutkaca kadhawuhan mapagake (lumawan) putrane Bathara Arka (Karna),
Dening Kresna, Parta (Arjuna) banjur ngalembana marang kasektene Gathutkaca,
Sang Gathtutkaca  sanalika katon mongkog atine kanthi gumbira marak (marang ngarsane Sang Kresna),
Sarwi matur : “Kawula rumaos begja, amargi wonten dhawuh (paduka) dhumateng kawula”.

Katrangan
Tembang kakawin iki nyaritakake nalika Gathutkaca kadhawuhan Prabu Kresna lumawan Sang Karna ing madyaning paprangan Bharatayuddha ing dina kaping 14.
Gunane tembang kakawin ing ndhuwur ana ing pagelaran wayang purwa kanggo Ada-ada Greget Saut ing pathet sanga.

4.    Sulukan Sasmita Pathet Manyura
Meh rahina semu bang hyang aruna kadi netra ning ogha rapuh,
Sabda ni kokila ring kanigara saketer ni kidung ning akung,
Lwir wuwus ing winipanca papetak ing ayam wana ring pagagan,
Mrak anguhuh bhramara ngrabhasa kusuma ring parahasyan arum.

Tegese ing Basa Jawa
Wancine meh ndungkap raina srengenge ing imbang wetan katon abang kaya abanging mripat kang lagi lara,
Ocehing manuk engkuk ing wit kanigara kaya suwara pangrengiking kidung wong kang nandhang branta,
Kaya unine sulinge wong Indu cekikering ayam alas ing pagagan,
Manuk Merak nyengungong ngundang-undang,   kombang ngrusak kembang ing kamar pasarean wangi.

Katrangan
Tembang kakawin ing ndhuwur iku jenenge Wisarjita. Isine nyaritakake candrane alam ing Hastina ing wanci bengi ngarepake gagat rahina.
Nalika iku Prabu Kresna kang dadi dutane para Pandhawa nyare ana ing suyasa padalemane Sang Widura, durung nindakake ayahan rembugan karo Kurawa.
Sekar Wisarjita ana ing pagelaran wayang purwa kanggo sulukan sasmita gantine Pathet Sanga ing Pathet Manyura.
Tembung manyura ing basa Jawa kuna lan Sansekerta tegese manuk merak. Dadi Pathet Manyura tegese pathet merak , mulane diarani pathet manyura, sebab pathet iki digunakake manawa wis perak esuk watara wiwit jam 03.00 esuk. Ing jaman kuna (nalika buku Bharatayudda iki ditulis mbokmenawa ing wanci perak esuk iku manuk merak wis padha nyengungong).
Ana ing donyaning seni karawitan, tembang kakawin ing ndhuwur dadi Sekar Ageng Sasadara Kawekas, laras Pelog Pathet 6, lampah 20, pedhotan (7 + 7 + 6) x 4 kanggo mbawani Gendhing Onang-onang Pelog Pathet Nem.
Tembung ogha rapuh ana  ing cakepan utawa ing pakecapan para dhalang lan wiraswara padha diucapake angga rapuh. Iki luput sebab tegese dadi beda, yen kadi netra ning ogha rapuh tegese kaya abanging mripat beleken, nanging yen kadi netra ning angga rapuh tegese kaya abanging  awak kang  beleken.

SINOM SIGRA KANG BALA TUMINGAL

Sigra kang bala tumingal,

acampuh samya medali,

lwir thathit wileding ganda,

dhanghyang gung manguncang niti,

bénjang Sang aji mijil,

lathinya medali wuwus,

trustha sura wilaga,

kaya buta singa wregil,

pasthi jangga dhendhanya mangambak baya.

 

Cakepan Uran-uran / Tembang Sinom  kasebut kagubah saka Serat Aji Pamasa, anggitane R. Ng. Ranggawarsita. Asline   ana patang pada. Ing saben sapada kajupuk rong gatra. Dene pada kang angka papat kajupuk telung  gatra,. Cethane mangkene :

  1. SIGRA KANG BALA TUMINGAL, ACAMPUH SAMYA MEDALI, liwêran mungsuh lang rowang, rame rok asilih ungkih, sumrêg sinrêg makangsi, kasok kasantikanipun, wêkasan kawisesa, raksasa bala angisis, tanpa kawal kêkiwul wuwul kewala.
  2. Sigra Si Kalasuwidha, amasang kamayan sari, LWIR THATHIT WILEDING GANDA, DHANGHYANG GUNG MANGUNCANG NITI, tumamèng mungsuh sami, sêmang-sêmang asmu samun, samantara katoran, kang tyas sanityasa tistis, lwir kakênan ing guna turidasmara.
  3. Marpêk Sang Kalasuwidha, sarywangling angêngerangi, pagene wadyèng Mamênang, têka kapinêngan sami, BENJANG SANG AJI MIJIL, LATHINYA MEDALI WUWUS, dêduka marang sira, ingaran wong tuna budi, dhêstun têmên tan bisa mungkasi karya.
  4. Katon cabaring dinuta, angapêsakên ing gusti, pae duk lagi wiwitan, tandangmu anggêgilani, pantês manggalèng jurit, nirbaya nirwikaramuk, TRUSTHA SURA WILAGA, KAYA BUTA SINGA WREGIL, PASTHI JANGGA DHENDHANYA MANGAMBAK BAYA.

           Tembang patang pada kasebut isine :  Nyaritakake nalika wadyabalane Prabu Ajipamasa ing Mamenang perang lumawan wadyabala buta , wadyabalane Resi Kala Suwida, bareng wadyabala buta kasoran mula Resi Kalasuwida banjur namakake aji kamayan sari tumanduk marang wadyabala ing Mamenang sanalika sirna budine banjur ora bisa micara mung padha mesam-mesem karo grenengan swarane kaya angungrum marang wong wadon.

Wondene  tembang Sinom SIGRA KANG BALA TUMINGAL sapada kang kerep digunakkae ing suluk pedhalangan ( ada-ada, jaranan/budhalan, lsp) iku gandheng   kajupuk  saka perangan-perangan tembang Sinom kang cacahe ana papat mau, mula iya rada kecipuhan angggone nggoleki surasane tembang  Sinom “SIGRA KANG BALA TUMINGAL” mau. Mboknemawa para sutresna kang luwih pana ing babagan iki bakal medhar surasane tembang mau kasumanggakake.
Nganti seprene uga durung kawruhan kapan lan  sapa satemene sing ada-ada nggubah  utawa yasa tembang Sinom patang pada dadi sapada kasebut. Ana ing pamulangan tembang kasebut kanggo cangkriman aksara Jawa.

SUMBER WAOSAN

Candrakanta, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #

Sêkar-sêkaran, Padmasusastra, 1898

Kalawarti Mekarsari 1980

Brêmara rèh manguswa ambrêngêngêng ,
kadi karênaning kaswasih ,
anèng marga amalatkung ,
Sang Ganda Wastratmaja ,
lêng-lêng lalu angulati ,
surya mangrangsang wayah ,
kumyur hamarawaryanta.

Mbrengengeng swarane kumbang kang kepengin ngambung kembang
Kaya kapilut endahing rerepen
Aneng dalan kang nuwuhake rasa sengsem
Sang Wrekodara
Kagawokan nalika meruhi
Sang surya tansaya dhuwur
Sumamburat abang cahyane

Suluk Pathêt Sanga Wantah [1]

Sangsaya dalu araras ,
abyor kang lintang kumêdhap ,
titi sonya têngah wêngi ,
lumrang gandhané puspita ,
karênghyan ing pudyanira ,
sang dwijawara mbrêngêngêng ,
lir swarané madubranta ,
manungsung sarining kêmbang.

Wengi tansaya endah nglam-lami

Lintang abyor pating krelip

Sepi nyenyet tengah wengi

Sumarebak arum gandane kembang

Kaprungu swara donga pepuji

(kangmijil saka lesane) pandhita linuwih mbrengengeng

Kaya swarane kumbang

Kang lagi ngisep sarine kembang

Suluk Pathêt Sanga Wantah [2]

Dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri ,
sasadhara wus manjêr kawuryan ,
tan kuciwa mêmanisé ,
mênggyêp sri natèng dalu ,
siniwaka sanggya pradasih ,
aglar ning cakrawala ,
winulat anglangut ,
prandéné paksa kèbêkan ,
saking kèhé tranggana kang sumiwi ,
wirata tanpa sêla.

Sepi nyenyet kena prabawaning bengi

Rembulan wus katon manjer sunare

Endahe ora nguciwani

Lir pendah rajane wengi

Kang diadhep dening para abdi

Gumelar ing akasa

Katon nglangut yen dinulu

Senajan meksa katon kebak

Saka akehing lintang kang sumewa (ngadhep)

Warata ora ana selane

Suluk Pathêt Sanga Wantah [3]

Mulat mara sang Harjuna sêmu kamanungsan ,
kasrêpan ri tingkahing musuh niran ,
padha kadang aywa taya wang wanèh ,
hana pwang anak ing yayah mwang ibu lèn uwanggéh paman ,
makadi narpa Salya Bhisma ,
sira sang dwijanggih guru.

Nalika Sang Arjuna nyumurupi barisane Kurawa dheweke katon trenyuh

Sedhih amarga mungsuh-mungsuhe mau

Kabeh sedulure dhewe, dudu wong liya

Ana ponakan saka bapa lan ibu  kang isih kapetung paman

Kayata Prabu Salya, lan Resi Bhisma

Panjenengane iku Sang Pandhita lan uga gurune

Suluk Pathêt Sanga Jugag [1]

Hascarya Parta wêkasan muwah ékatana ,
yèka wisanggêni maya ,
Sang Hyang I Supradipta.

Sang arjuna banget seneng nampa paringan panah

Yaiku panah geni kang mawa wisa kagila-gila ampuhe

Saka Sang hyang Supradipta

Suluk Pathêt Sanga Jugag [2]

Mangu-mangu manguwung ,
wang-wang winangun mangêni ,
nênangi onênging nala.

Mangu-mangu anglimputi,

Tidha-tidha tanpa karep

Sakalan uwuhake rasa kangening ati

Suluk Pathêt Sanga Jugag [3]

Lir sadpadèngsun tumiling ngulati ,
midêring taman anon sêkar warsiki.

Aku kaya kumbang kang weruh, lan nggoleki

Mider-mider ing taman weruh kembang warsiki

Suluk Pathêt Sanga Ngêlik [1]

Nihan siswa umatur ,
marang risang maha yogi ,
sang wipra kadiparan ,
karsané Hyang Hotipati ,
yogya saliring warna ,
kang gumêlar anèng bumi ,
mugi ulun têdahna ,
tandya sang wiku hanjarwi.

Mangkana siswa matur,

Marang Sang pandhita linuwih,

Dhuh Sang Pandhita iki kepriye,

Kersane hyang Hotipati (Bathara Guru)

Ngenani kabecikan kang werna-werna

Kang gumelar ana bumi

Muga-muga aku diparingi pituduh

Age-age sang pandhita njarwani maknane

 

 

 

2 responses to “Suluk Pedhalangan

  1. mbah kenyung

    Februari 5, 2016 at 3:55 pm

    carane gabung ing blog niki pripun nggih.

     

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: