RSS

Macapat SR 1939

PIWULANG SEKOLAH DHASAR KUNA : 1939
Pangimpun : Ki Dwidjo Hartono

POCUNG
Dongeng Driji Congkrah

Kang pinucung sakawit met dongengipun
Dariji tukaran
Klawan kadange pribadi,
Purwanira panuduh jail manabda.

Enthik-enthik patenana si penunggul,
Gek dosane apa,
Dosane ngungkul-ungkuli,
Dhi aja dhi malati sadulur tuwa.

GAMBUH
Dongenge Jago NjalukBaline Sungu

Bek-bek ndisungku,
Besuk emben saure si wedhus,
Lah wenehnaasru mangsuli si sapi,
Eh kok enak tembungipun,
Iki saure si kebo

Jarane ngguyu-ngguguk,
Eh-eh-iyeh dene banget cubluk,
Pagenea teka gelem den dhedheli,
Saikine tanpa sungu,
Ganti cengger kang tumemplek.

MASKUMAMBANG
Memelas Sambate Jaran Nggeret Dhokar

Adhuh-adhuh lah mbok uwis ing pamecut,
Teka derese kepati,
Sing tumiba ing awakku,
Nadyan krosanku meh enting,
Dikapakna dadi lakon.

ASMARADANA
Sambate Jago-adon kejalu matane

Dhuh picak kabeh saiki,
Mataningsun karo pisan,
Padha ora kanggo gawe,
Kena jalu kapisanan,
Sanadyan sun menenga,
Angalahken mungsuhipun,
Sayektine tanpa guna.

DURMA
Mangan kupat

Paman-paman apa wartane ing dalan,
Ing dalan akeh pepati,
Dipunkaniaya,
Mati pinedhang ligan,
Ing jaja terus ing gigir,
Akari raga,
Badan kari nggalinting.

MASKUMAMBANG
Kuthuk kecemplung blumbang

Kelek-kelek biyung sira aneng endi,
Enggal tulungana,
Anakmu kecemplung warih,
Gulagepan wus meh pejah.

PANGKUR
Wekel, sregep, lan rukune semut

Para kanca sumurupa,
Nora adoh prenahe saking mriki,
Buburukan gumaluntung,
Wangkene jangkrik upa,
Eman banget kalamun datan den usung,
Menyang eleng bebarengan,
Padha den dum aprayogi.

SINOM
Mikirke anak aja kongsi kasep ing pamulangan

Anger-anger putraningwang,
Lah tangia dipun aglis,
Iki uwis rada awan,
Menek kasep anak mami,
Murid gregah gya tangi,
Menyang jamban prelu adus,
Sarampunge pradandan,
Sarapan wis cumawis,
Sega gudheg tehe cuwer nganggo gula.

DHANDHANGGULA
Wayah bang-bang wetan ing padesan

Salat subuh kabeh para santri,
Pitik iwen miwah rajakaya,
Den wetokken king kandhange
Tinimpal tlethongipun,
Kang kerinan gregah gya tangi,
Sesuci mring pancuran,
Mulihe kesusu,
Tekan ngomah ngombe wedang,
Pacitane jadah jenang weneh wajik,
Utawa gethuk tela.

KINANTHI
Tansaha mikir bab kasarasan

Wajibe wong urip iku,
Rina wengi kudu mikir,
Ing bab bagas kuwarasan,
Sapa bae nandhang sakit,
Yekti ngrasa yen cilaka,
Gawe susah sagung batih.
(Djaka Lodang No 03/TahunXXXVII, 16 Juni 2007)

PANGKUR

Ma Rama kula nyumpena,
Ngimpi apa anakku Pujawati,
Ngimpi kepanggih wong bagus,
Punakawannya tiga,
Siji cendhek karo cebol teku dhuwur,
Satriya ing Madukara,
Kekasih Bambang Permadi.

 

Sapa manis kaya sira,
Irung mbangir godheg mangudhup turi,
Uwang malang nyangkal putung,
Jangga mangolan-olan,
Untu cilik pinasahan miji timun,
Alisnya nanggal sepisan,
Larapan nyela cendhani.
Jam pitu mangkat sekolah,
Kaya ngene rasane wong dadi murid,
Wira-wiri saben esuk,
Angudi kapinteran,
Durung uwis yen durung pikantuk kursus,
Kursus saka pamulangan,
Kursus iku migunani.

 

DHANDHANGGULA

Tikus pithi ingkang nata baris,

Kodhok ijo ingkang dadi kopral,

Walang kerek nggih sersane,

Yuyu kapitanipun,

Nitih kreta ngideri loji,

Jangkrik lupa angawal,

Kemangga panuntun,

Tekek blerek tunggu lawang,

Ngliga pedhang rasukanira sembagi,

Kongkang nabuh gamelan.

 

Sabuk pita kamusnya mburadhil,

Tanpa keris bebednya cap-capan,

Cupet tan ana wirone,

Kacu sutra anyunyur,

Ulat payus netrane abrit,

Lungkrah kalah dolanan,

Udud kempas-kempus,

Rokok telas mbako labar,

Mung tegesan sinapit drijinya kalih,

Ngalamun analangsa.

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog