RSS

Antologi -1

GEGAMBARAN
Dening : Soebagijo I.N.

Cahya padma manguwung ing jumantara
Tandha rina arsa ginanti Hyang Ratri
Sajak owel surya ninggal arcapada
Kasengsem mawas kaendahaning bumi

Tan beda lan angganing kalana mudha
Kang arsa pepisahan lan kekasihe
Rumangsa kewran arsa maluyeng kata
Kepencut nyawang memaniking netrane

Mula nora gampang ninggal kasenengan
Kang baud maweh kemaremaning driya
Karasa abot sumedhot ing gagasan
Nggrantes nandhes terus ing nala

Mula begja wong kang baud amikani
Marang owah gingsire kaanan donya
Sadurungewus padha den mangerteni
Yen tan ana barang kang langgeng lan lana
(Api Merdeka No.4, januari 1946)

MBARANG
Dening: Dyan Annimataya Soer (1959)

Bocah cilik manis, kakang adhi
Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu, memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Koncatan bapa-biyung,
Dheweke tininggal keri

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
Runtang-runtung nyang endi-endi
Dina-dina uripe kaliput ayang-ayange mega
PAHLAWAN PANYEBAR SEMANGAT KAMARDIKAN
Dening : Moeljono Soedarmo
Sekar kagem kadang premadi Imam Soepardi swargi

Kadang kinasih
Eluh trenyuh ngembang gugur
Nguntabake tindakmu ing tapel-watesing garis lana iki
Kanthi tentrem leladi karsaning Gusti
Kang Maha Welas lan kang Maha Asih

Kadang kinasih
Tabeting tresna kang mulus
Kang labuh ing ati lan gerak makarti
Ngrembuyung jroning urip bebrayan gung iki
Sarta lungiding penamu dadya
Wodingcita api semangat
Krodhaning kamardikan bangsa

Kadang kinasih
Nadyan penamu wis aking
Nanging isih tetp bening kekinclong
Keketes pindha mutiara peni
Dadya kaca pamangun pribadi
Dadya jejimat paripih nyantosani barisan iki

Kadang kinasih
Pahlawan Panyebar Semangat Kamardikan
Liwat penamu
Bangsaku kagugah
Sarana penamu
Bangsaku gumregah

Kadang kinasih
Nadyan iki pinangka dina wekasan ….
Nanging dadya tancebing watu kang wiwitan
Binangun nambah aruming sejarah bangsa kang tanpa pungkasan!
(Panyebar Semangat No. 34, Oktober 1963)

URIP
Dening : Anie Soemarno

Yen urip mung dadi siksaning pangimpen
Kreteg marang sabrang pepesthen
Ya ben ta maneka warna tansah nggodha
Ya ben ta petenge wengi nyebar sepi-sepi

Ora ana nendra nganti ilange wengi
Uga yen ta awan mengko kari wewayangan
Teka mbaka siji lan ilang
Kahanan bakal dak-sinau dak-sandhang
Lan aku terus lumaku lan mbandhang

Teneh apa. Apa maneh sing mesthi diranti
Teneh apa, apa maneh sing perlu ditunggu
Kabeh wis dadi awu uga omahku klawu

Aku sing pinasthi urip lan mati
Ngupaya jarwa antaraning urip lan mati
Jroning urip ngubaya pati
(Jaya Baya No. 42, Juni 1964)

ANGIN KETIGA
Dening : Trim Sutidja

Rodha bakal muter bali, sumi
Yen langit klawu ing bang wetan
Wis kesaput angin esuk
Lan kembang-kembang randhu
Mangsa karo padha gogrog

Kowe njur lunga menyang tegal, Sumi
Nyambut gawe nganti sore
Wengine yen wis sepi
Kapangmu mesthi kumat maneh kaya mala
Marga aku ana kutha
Wis kejiret benang-benang sutra
Lan katut malih dadi angka

Sumi,
Aja kok-kira kapangku wis mari
Saben wengi dak-tlusuri iline kali Ciliwung
Dak-goleki mbokmenawa ana serat-serating citramu
Sing dak-temu
Sanadyan aku ngerti
Iku sawijining dosa

Yen langit ing bang wetan
Wis kesaput tekaning esuk dina anyar
Aku mesthi bali, Sumi
Nalusur ing andhaning dhandhanggula
Ngaras rambutmu lan tegal kita
(Jaya Baya No. 17, Oktober 1971)

TAPEL WATES
Dening : Anjrah Lelanabrata

Karia lestari, endang
Yen mangkono sing kok-karepake
Wengi iki
Kamarku kareben ta sepi-sepi

Pancen ora ana pangarep-arep sing bakal lahir
Apa sing kok-entha-entha jroning pangimpen
Saka sawijining penyair sing mecaki pangumbaran?

Manawa iku sing kok-karepake, endang
Kareben ta wengiku iki sepi nyenyet
Manawa bibit sastra sing dak-dhedher neng atimu
Ora nukulake rasa tresna marang ibu sing dak-tresnani

Aku wis marem nyawang lintang-lintang, endang
Yen tresnane ati, mung tresnane lanang lan wadon
Yen tresnane ati mung ngrenggani dhiri pribadi
Lan sliramu kena ngambali pangimpen
Biyen ana penyair sing tau lair ing plataraning atimu
Dhek semana ana bibit tresna sing tau semi saiki mati

Yen iku kang kok-karepake, endang
Kareben ta wengiku iki sepi-sepi
Kamarku blasah naskah – ngguraki tresnaku iki

Karia lestari, endang
Karia lestari
Liwat tapel wates iki
(Jaya Baya No. 17, Desember 1971)

PRAPATAN CILIK
Dening : Djudjuk S.

Mung netramu kang mapag liwatku
Ing prapatan cilik sepi
Tanpa sapa aruh lan esem guyu
Ndadekake crita iki ora rampung
Kaya keblat prapatan cilik iki
Kudu sowang-sowangan
Aku njaluk ngapura
Kabeh kandheg ing daluwarsa ….
(Djaka Lodang No. 195, April 1975)

Sumber Waosan:
J.J. Ras. 1979. Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir. Jakarta : Gratifipers.

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog