ARTIKEL
Tumpeng Tumpang Ketan Lopis – Peyek Urang
Para leluhur jaman kawuri asring ngendika “Wong Jawa Anggone Semu”, lire manawa paring piwulang ora cablaka, nanging kanthi sasmita utawa simbol-simbol lumantar barang, pangan, warna, swara lan liya-liyane. Piwulang kasebut lumintu tumeka anak putu kanthi cara pakartining tumindak, lire tansah nindakake tradhisi kang ngemot sasmita kasebut.
Ing jaman saiki isih akeh bebrayan Jawa umume ing karang padesan kang isih nindakake lan nguri-uri tradhisi simbol-simbol kang awujud “olahan tetedhan” (pangan) kang ngemu surasa “panggantha utawa gegayuhan” kang awujud “tumpeng”. Tumpeng mono ora sembarang tumpeng, ananging ngemu surasa. Para leluhur nyebut tumpeng mau “Tumpeng Tumpang Ketan Lopis Peyek Urang”.
Wus kasumurupan manawa tumpeng mono tumrape wong Jawa ngemu pralampita lan tuntunaning urip kang unine mangkene : “Tumapaking panguripan, tumindak lempeng, tumuju Pangeran”. Iku kabeh manawa karingkes dadi “tumpeng”. Mula sejatine tumpeng monomujudake panggantha kang awujud donga sarta panyuwunan marang Gusti Kang Akarya Jagad supaya wong kang padha munjukake donga lan panggantha iku bisa kalis ing rubeda nir ing sambekala satemah antuk kanugrahan, sarta lumebering sihing Pangeran. Umume panganan kang awujud sega iku dikantheni ubarampe kayata: lawuh, asrep-asrepan, endhog, lan sapanunggalane.
Tradhisi Jawa kayadene wis paring sasmita utawa tetenger, manawa piwulang Jawa iku ora perlu diwulangake cablaka. Sok sapaa kang kepengin sinau lan angudi ya iku kang bakal nggayuh kawruh mau.
Mula akeh piwulang Jawa kang kawungkus adat kang prasaja lan njupuk pralambang kang ana ing alam gumelar nanging manawa diudhari ngandhut piwulang kang jero. Mung wong-wong kang “Ateken tliti,tlaten lan tekun temahan bakal tekan”, lire wong kang taberi ngudi lan sregep neges wae sing bakal nyumurupi kawruhing urip kang disingitake dening para leluhur. Lumantar tembang Pocung para leluhur paring piwulang:
“Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawas kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara”.
(Ilmu iku kudu ditindakake (dipraktekake), wiwitane kudu ditandangi kanthi kemempengan, tegese ditandangi kanthi kemempengan murih agawe manungsa kuwat(santosa/teguh). Lan ilmu iku ana pigunane manawa manungsane tansah ngikis tumindak dur angkara kang ana ing dhiri pribadhine dhewe-dhewe lan ing alam bebrayan). Manungsa katuntut wasis maca alam. Landheping panggrahita gumantung ana ing tumindak, watak lan ati kang tliti-tlaten sarta kadhewasane dhewe-dhewe.
Para leluhur paring uninga manawa : “Lantiping panggrahita, landheping panyakrabawa, gumantung ana titining ati, sumaruna bangkit nyaring sarining sasmita”. Urip iku kebak sasmita sarta lambang kang semu. Manungsa perlu sadhar menawa kurang waspada bisa tiba ing barang semu mau.
Mula para leluhur uga tansah paring pepeling manawa : “Sajroning pralambang rakitaning sastra limbang-limbangen, sing ngambang buwangen, kang cundhuk cumondhok candhinen ana ing sariranta”. Ana ing pralambang urip kang tinulis lumantar sastra perlu ditlesih. Manawa ora ana pigunane dibuwang ora dadi ngapa. Dene manawa mupangati tumraping urip becike dirumat, luwih-luwih manawa nandhes jroning ati becik dicekeli lan dibundheli pinangka gegebenganing urip murih santosa kukuh bakuh urip iki.
Tumpeng Tumpang dadi tengara pangarep-areping manungsa kudu bisa unggul uripe. Tumpeng sarta ubarampene awujud sayuran ijo, endhog sarta sambel tumpang khas saka Jawa Timur, dadi pralambang “Tumapaking panguripan – tumindak lempeng – tumuju Pangeran”. Kang dadi keblat lakuning uriping manungsa ora liya dalane Gusti, lantaran manungsa iku urip lan nglakoni dalaning Pangeran. Supaya tumpang jayane ana ing pangulandarane urip ing donya iki perlu : “ketan lopis”. Ketan lopis, mujudake jajanan pasar kang ngandhut surasa manawa manungsa kudu tansah nengenake “gotong royong holobis kuntul baris”, nyawiji golong gilig mrantasi gawe bebarengan ngentasake ruwet rentenge bangsa lan negara kanthi temen. Karana masalah bebrayan agung iku luwih gampang manawa diatasi bareng-bareng tinimbang diatasi pribadhi lan golongan. Ana ing kene filosofi “Sugih tanpa bandha” bisa kanggo landhesan. Urip guyup rukun, saiyeg saeka kapti luwih becik lan ngresepake tinimbang urip dhewe-dhewe adhedhasar suku, golongan lan agama. Bab iki uga nduweni teges manawa jayaning manungsa iku ora kok urip dhewe, ananging luwih laras lan resep sarta mulya manawa bisa mrantasi gawe sarta ngiwakake masalah kadonyan lan nggolek dalan kang tlonjonge tumuju ing dalane kautaman manut dhawuhing Pangeran.
Peyek Urang dadi pralambang guyup rukun. Nalika isih urip ana ing banyu, urang iku uripe ijen-ijen. Ananging menawa dadi rempeyek, kudu nyawiji. Tegese manawa manungsa urip iku kudu guyup rukun ora padudon lan cecongkrahan, kaya unine pitutur “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”. Dene ubarampe diyan senthir utawa lilin kang murub padhang, tegese supaya manungsa padha paringa pepadhang marang sapadha-padhaning titah.
Ananging kabeh mau lagi panggantha sarta piwulang kang awujud panganan. Panggantha iku lagi bisa maujud manawa katindakake kanthi nyata ing bebrayan Nuswantara. Panggantha kang diwujudake ing panganan iku banjur didongani, supaya diijabahi Gusti Kang Akarya Jagad.
(Aturipun Ki Juru Bangunjiwa Djaka Lodhang 9 Agustus 2008)
GAMELAN, DHALANG, WAYANG
Gamelan
Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe jaman Demak. Ana maneh sing ngendika gamelan lan seni nggamel iku tuwuh jaman Majapahit, jamane Patih Gajah Mada lan rajane. Yen nlusur sarana nitipriksa gamelan kang ana saiki lan sing kalebu gamelan tuwa. Kaya-kaya gamelan sing diarani tuwa dhewe iku, jebule isih kalebu enom , jalaran jaman kuna uga wis ana gamelan. Yen macani prasasti cathetan kuna, candhi-candhi sing umure atusan taun, ing kono bisa katitik anane jeneng-jeneng ricikan gamelan saiki. Uga kalebu buku-buku utawa layang-layang kuna karanBalitung, raja Mataram Kuna, tinulis istilah “padahi”, kang dikarepake tabuhan kang aran “kendhang, tambur, terbang gedhe” . Ing layang kang isi crita tokoh-tokoh Mahabarata sing karacik nganggo basa Jawa kuna, uga tinemu araning tetabuhan kang saiki klebu ewoning gamelan. Crita Mahabarata Jawa kuna ditulis nalika sugenge Prabu Darmawangsa (taun 990 – 1007), raja kedhiri uga akeh tembung araning gamelan kang tinemu ing layang kang ditulis jamane Prabu Erlangga (1019-1042), Prabu Warsajaya (1104), Prabu Jayabaya (taun 1130 – 1160), raja Kadhiri, jeneng unen-unen utawa gamelan iki kayata: beri, curing (klinthing, lonceng cilik), garantung (gambang), gong, gubar (kempul), kangsi (rebab), kemanak, kendhang, ronji(angklung), salukat (saron peking), salunding (gender), suling, tudhung (suling gedhe).
Istilah gamelan asale saka tembung “gamel” (Jawa kuna), tegese “cekel”. Mbokmenawa amarga sawise ditabuh (dithuthuk) banjur dicekel (dipekak) kaya yen nuthuk saron utawa slenthem, barang iku suwe-suwe katelah “gamelan”. Istilah Jawa kuna-ne “tabeh-tabehan”, lan ana manes istilah “tamara”. Tembung “tamara, tamra”, Jawa kunan-ne ateges “tembaga”. Gamelan iku biyen-biyene kagawe saka “tamra” (tembaga). Ana maneh gamelan kang digawe saka kuningan, basa Sansekerta-ne “kamsa” owah dadai “gangsa”, kang sabanjure dadi tembung kramane (dasanamane) tembung “gamelan”. Ana maneh istilah “pradangga” tumrap gamelan. Basa Jawa Kuna-ne “mredangga”, yaiku araning tabuh-tabuhan kang memper kendhang gedhe, tambur.
Wayang
Ora biyen ora saiki, gamelan ana gandhenge karo kesenian wayang, karawitan, niyaga, sindhen, lsp. Tembung “wayang, ringgit” wis ana wiwit jaman kabudayan kuna. Ing layang Ramayana ing kono ana istilah “mawayang, angringgit”, tegese “mayang”. Sing sok mayang sebutane “widu”. Kajaba mayang widu uga bisa nggamel lan ngidung (nembang). Sing gawene mayang saiki diarani dhalang. Istilah dhalang wis tinemu, apese wiwit jaman Kedhiri, kamot ing layang Kresnayana, katulis jamane Prabu Warsajaya. Istilah “dhalang” iku jenenge abdine Bima, kasebut ing layang Nawaruci (jaman Majapahit). Abdine Bima ana loro, yaiku Semar lan Dhalang. Abdi iku kuwajibane momong Bima lan nyathet piwulange para resi gurune Bima.
Ing layang Arjunawiwaha, karangane Empu Kanwa, jamane Airlangga (1019 – 1042), tinemu syair Jawa kuna kang diarani “kakawin”. Ing sajroning kakawin sapada ngandharake mangkene : “Ana wong padha nonton wayang (ringgit), padha nangis lan sedhih. Wong-wong iku ora ngerti (rumangsa), manawa wayang iku mung wujud lulang diukir, bisa obah lan guneman. Ora ngerti obah lan gunemane iku mung semu”.
Ing layang Sumanasantaka karangane Mpu Monaguna, nalika jamane Prabu Warsajaya, raja Kadhiri, nyaritakake nalika Pangeran Aja (putra raja Ayodya, bapakne Dasarata, embahne Rama) kawisudha, wong-wong kang padha rawuh ing panggung jumeneng kaya wayang dijejer (disimping).
Pangripta layang Jawa kuna kang mawa irah-irahan Partayadnya, isine nyaritakake Arjuna mangkat lumaku menyang pertapan ing guwa kang dumunung ing gunung Indrakila, nyritakake pasawangan ing alas: Wit-witan jejer-jejer, sinawang kaya gelaring wayang, langit minangka kelir, srengenge minangka blencong, angin sing ngobah-obahake.
Niyaga, Karawitan, Sindhen
Istilah “niyaga” sakawit ateges “panggamel”, wong sing nabuh gamelan. Tembung “niyaga” utawa “nyaga”, tegese “panuntut laku”, “panganjur” (L. Mardiwasita), “sing main gamelan” (Prof.Dr. P.J. Zoetmulder). Tembung “niyaga” saiki owah dadi tembung “wiyaga”, sing tegese “panabuh gamelan”
Tembung “karawitan” Jawa kuna asale saka tembung “rawita”. Tembung “rawita” asale saka wod “raw”, tegese “ywara, muni”. Dadine tembung “rawita” tegese nyawa utawa muni uga. Saiki dadi istilah “karawitan” Jawa anyar, kang karepe ngemu teges “samubarang kang magepokan karo seni swara”, mligine swaraning gamelan.
Istilah “gending utawa ganding” (diwaca: “gendhing”), uga wis tinemu ing prasasti kuna, lan buku-buku Jawa kuna. Dene “gending” iku sawijining piranti (instrumen) kang muni sarana dijimpit driji utawa dimainake dening tangan. Mula ana istilah “ganding rawanahastha” , “tegese gendhing muni karana tangan” Lan Gendhing Rajaswala. Saiki akeh banget araning gendhing kang sesambungan karo unining gamelan.
Tembung “sindhen”, Jawa kuna “sindhen”, asale saka tembung “sindhi” oleh panambang –an. Tembung “sindhi”, tegese “pasemon”, Indonesiane “sindiran”. Sindhen Jawa kuna cakepane isi pasemon lan dhapur kakawin utawa saloka (seloka/sloka) isine memper karo paribasan, bebasan, saloka, lsp.
Ing basa Jawa kuna uga ana istilah “uyu, manguyu”, tegese “muni sing ora ana lerene”. Upamane swaraning kombang, mbrengengeng ora ana pedhote. Ing jaman saiki ana pahargyan manten uga asring keprungu “gendhing manguyu-uyu” kanggo ngurmati rawuhe para tamu.
Kanthi landhesan kang kabeber ing ngarep, bisa dijupuk dudutan : Ing kabudayan Jawa kuna wis dikenal anane piranti (instrumen) kang saiki diarani “gamelan” Budaya pawayangan uga wis ana, lan pakelirane. Saperangan istilah kuna teka saiki isih urip.
JUJUR
Jujur iku kalebu bebuden kang becik. Jujur iku bares, kandha apa anane: yen putih dikandhakake putih, yen abang ya dikandhakake abang. Jujur iku ora goroh, ora ngapusi, ora mbathi, ora korupsi, ora gawe rugine liyan. Jujur iku ora duwe pamprih golek kauntungan utawa pakolih kanggo awake dhewe, kanggo keluarga utawa golongane. Wong tumindak jujur amarga duwe panganggep menawa kajujuran iku kudu diugemi lan ati nuranine pancen ora keduga menawa arep tumindak ora jujur.
Sebab-sebab sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur iku ana sing kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sipat kesed, wegah tumindak, utawa ora gelem kangelan. Upamane bocah ora mlebu sekolah kandhane diliburake amarga gurune padha rapat, mangka bocah mau ora mlebu sekolah amarga durung nggarap PR. Bocah diutus wong tuwane tuku gula the, nanging nalika mulih ora nggawa apa-apa. jare marga dhuwite ilang, mangka satemene dhuwit mau mung kanggo jajan.
Umume tindak ora jujur iku disurung pepinginan oleh alis utawa keuntungan sing akeh sing tanpa rekasa. Nalika ulangan bocah sekolah sok padha nurun kancane utawa mbukak buku kepekan supaya oleh biji sing apik. Supaya cepet sugih akeh pejabat sing padha korupsi. Supaya kepilih dadi wakil rakyat, utawa calon Gubernur, bupati, utawa wali kota, calon pejabat mau padha ngobral janji-janji sing satemene calon-calon mau dhewe isih ragu-ragu apa bisa ngleksanani apa ora.
Ing kalangane para among dagang, pancen ngalem utawa ngumbul-umbulake dagangane iku wis jenengan lumprah. Pancen ya ora jujur, ning pancen ya wis mangkono iku sing jenenge pariwara utawa iklan. Wong liya kena percaya kena ora. Lha, politik sing diiklanake iku ya kaya dene barang dagangan, yen percaya ya tukuwa, yen ora ya aja tuku.
Tindak ora jujur iku bisa kedadeyan ing babagan apa bae: ing babagan jurnalistik, ing babagan ilmu, ing babagan politik, ing babagan penelitian, surve, pelaporan, pertanggungjawaban keuangan lan liya- liyane. Ing babagan olah raga utawa sport ya asring ora sportif, pertandingan sepak bola asring diterusake adu jotos. Saya-saya ing babagan kasukan utawa perjudian. Ing crita wayang lakon Pandhawa Dhadhu, Pandhawa kalah entek-entekan amarga akal licike Patih Sengkuni.
Mawas lan tumindak kang jujur iku pancen ora gampang. Manungsa tarkadhang bisa diapusi dening pikirane dhewe. Manungsa iku saya pinter, uga saya pinter olehe ngapusi awake dhewe. Pancen jujur marang awake dhewe iku ora gampang. Ya mung wong sing bisa mawas dhiri klayan obyektif, sing bisa nglimbang-nglimbang apa tumindak lan pamikire iku jujur apa ora. Sipat jujur kang sumimpen ing ati nurani iku kudu tansah diurip-urip, supaya wong tansah bisa tumindak jujur.
Ing keri-keri iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane ”kantin utawa warung kejujuran”. Kantin iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake dhuwit sarega karo barang sing dijupuk mau. Kanthi mangkono para siswa dikulinakake mbayar apa mesthine, ora ngapusi, utawa ngurangi regane. Warung kejujuran iku uga becik kanggo gnglelatih supaya para siswa padha jujur. Yen kejujuran iku wis tumanen ing ati nuranine sadhengah uwong, kebiasaan goroh, ngapusi, tekan korupsi mbokmenawa bisa diilangi.
Ing kalangane umat Katolik yen rumangsa wis tumindak salah ana kuwajiban ngaku dosa. Ing masyarakat Indonesia umume ing riyaya lebaran ana kebiasaan apura ing apura mungguh sakabehe kaluputan. Kupat, jare ”ngaku lepat”, iku dadi pasugatan sing khas ing riyaya lebaran. Emane sing akeh-akeh mau mung mandheg dadi ucapan, kurang dihayati utawa didadekake sarana kanggo ngresiki ati. Yen kaluputan mau disadhari lan ora ditindakake maneh, harkat kamanungsane wong Indonesia bisa mundhak dhuwur.
(Penulis : Sujarwo, Suara Merdeka , Minggu ke 2 Maret 2009 )
sujarnodwijosusastro
Maret 31, 2012 at 12:56 pm
Salam kenal kagem para dwija guru basa Jawi ing pundi papan.