RSS

Geguritan 1966 -1980-AN

Prasaja

 
Lagi iki ….
Ana panggedhe
Gedhe jiwane
Gedhe tingkahe
Ora gedhe pamrihe
Ora gedhe milike
Ora mung aweh printah
Ora mung aweh conto
Nanging makerti kang kathah
Lan kersa dadi conto
Ing bab urip prasaja
Kang perlu tumrap bangsa
Kanggo ngrampungake repolusi
Tumeka tujuan seni
Yen dinulu
Satemene
Nalika manungsa lair
Tan ngerti apa-apa
Tan bisa apa-apa
Tan duwe apa-apa
Mula iku dur eling
Ana kang MAHA KUWASA
Ora susah ngaya
Ngoyak bandha
Dilakoni nganti cidra
Cukup urip prasaja
Ing sabarang kardi
Lahir trusing batin
(Prajana Murti,Mekar Sari, no. 7 th. X, 1 Juni 196)

 

 
Pesisir

 
Biruning langit biruning laut
Esuk kang endah pengarepaning tresna
Ing sauruting wektu
Dak luru aruming sekar
Apa sliramu durung dhamang
Ing pesisir angin semilir
Ing pesisir camar-camar semampir
Mara pirengna
Kidunging angin semilir kisunging camar semampir
Bumi pengauban ati-ati kang miris ketar-ketir
Ing pesisir
Ora ana crita durhaka apadene karanta-ranta
Cahya gumebyar rembulan manglung tengah
(Darma Nyata no. 331, VII, Minggu ke III, Oktober 1967)

 

 
Apa Sing Kokanti

 
Apa sing kokanti
Apa sing kokanti, ya Sarinah?
Kedhumuk-kedhumuk menyang sawah
Srengenge semendhe tawang
Mripatmu kaya konang
Byar pet ra madhangi dalan
Sarinah! Sarinah!
Apa sing kokanti, ya gendhuk
Ngenteni rambut putih mabluk?
Kemleyang godhonge brarak
Apa kowe sing mulang sarak?
Apa sing kokanti
Apa ing kokanti, ya gendhuk?
Kedhumuk-kedhumuk wetengkluruk?
Grobag lunga teka
Cina arab tansah ngumbara
Nguras pametune desa
Sarinah! Sarinah!
Dhuh, anakku!
Wis pira utangmu?
(Suripan Sadi Hutomo, Balai Pustaka, 1968)

 

 
Dalan Cilik Urut Kali

 
Dalam cilik urut kali
Emprit kekejer ing pang turi
Sugeng enjing kang mas mantri
Mangga pinarak ing dhukuh tani
Aku mung mesem madu
Dak ulungake atiku biru
Nrobos sawah lan pategalan
Tresanku menclok tlatah padesan
Kembang randhu lan pakacangan
Tembang mluku sawah tegalan
Ora mung ana wicara
Aku dadi bocah ndesa
Dak ulungke atiku biru
Dak gelar ing dhipan kayu
O, sethithik ora bakal tatu
Prawan ayu gawe lagu
Ora mung ana wicara
Tugas luhur ana ndesa
Ora mung ana kutha
Kamulyan saka negara
Pandhan alas pandhan wangi
Emprit kekejer ing pang turi
Mangga kangmas mangga mriki
Kula gadhah pari sauli
(Suripan Sadi Hutomo, Balai Pustaka, 1968)

 

 
Tepung Karo Omah Lawas

 
Tepung karo omah lawas
Sing saiki wis kari tilas
Omah dhoyong madhep ngetan
Aku wis gandheng memitran
Ing pekarangan iki
Wit blimbing klapa lan randhu
Pager jarak wora wari bang
Atiku tansah dicancang
Kabeh padha mbagekna
Aku kelingan nalika semana
Nalika cilik dolanan sakanca
Suripan sing nakal
Nunggang jaran nunggang kapal
Jogan mblasah kaya palagan
Ing ngisor jambu iku
Ing latar cedhak jendhela
Lan ing pojok sisih kana
Aku tau disubat diupakara
Lan ing ngisor wit nangka
Aku penekan tau tiba
Pekarangan iki
Saiki isih kaya duk kala semana
Kabeh padha mbagegna
Apa panjenengan wis krama?
Aku ora wangsulan, ning atiku sing kandha
Prawan ngendi sing gelem dak-gawa
Nempuh panguripan sing kebak bebaya
Ripan sing nakal
Apa panjenengan isih kelingan
Kasmaran sing kawitan
Kok tulis kok rancang
Karo Narti karo Endhang?
Jangkrik ngerik ing gulungan
Rambut brintik tansah kelingan
Ah, tepungan karo omah lawas
Atikukaya dikuras
Susah lan bungah
Ing pekarangan iki wis tau dak-dhudhah
(Suripan Sadi Hutomo,Balai Pustaka, 1968)

 

Lurung
Wiwit biyen nganti saiki
Lurung iki ngronce crita maneka warna
Critane adon lelana ngumbara kelunta-lunta
Lelakone seniman niba tangi ngoyak crita
Tangise wong padha luwe sesambat luru upa
Ah, gawe ati nggrontes lan nelangsa
Wiwit biyen nganti saiki
Lurung iki panggah cengkar kaya ngene
Kaya cengkaring pasawahan ngelak udan kiriman
Kaya cengkaring ati koncatan sih katresnan
Iki kanyatan
Dudu apus-apusan
Tipak-tipaking sikil kang nate ngumbah lurung iki
Ninggal sunggingan-sunggingan ngodhengake ati
Nggaritake garis-garis ruwet ngalahake ilmu pasti
Ora saben wong bisa nyurasa lan mangerti
Kejaba pangeran kang murbeng dumadi
(Jaya Baya no. 5, XXIII, 6 Oktober 1968)

 
Katresnanku

 
Tangise suling kang mecaki wengi iki
Banget nggarit rasa
Satemene wis lungse pangrasa
Mbuncang menyang pulo suwung iki
Cengkar bera sepi samun
Tembang-tembang kusem isih gumlethek ing meja tuwa
Ketutupan kanyatan ora pakra nutupi dhadha
Pang-pang semboyan padha sempal kapangan jaman
Biruning katresnan rontang-ranting kasempyok bebaratan
Upama kembang
Wis kadhung alum pangrasa iki
Pucuk-pucuking ati ngajak bali
Nlusuri dina kepungkur
Kang adus madu lan anggur
Kala-kala ati iki ngilo kanyatan
Nyekseni dosa-dosa glangsaran
Meruhi katresnan dadi barang dagangan
Rai iki wis tuwa kebak tatu
Sapa sing duwe lan krungu panjeritku?
(Jayabaya no 46, XXII, 11 Agustus 1968)

 

Kali Grindulu

Kumricik tanpa wirama
Ing mangsa ketiga
Kebak panalangsa
Pereng tebane pangarep
Dadi bebulak tanpa elung
Mangsa udan tumiba
Pecahing kamurkan lubering kasangsayan
Tan pinilih
Kabeh katrejang
Gumuruh campuh swara titir kenthong
Kenthir kerem ing segara
Puputing mangsa
Kari cuwa lan panalangsa
(JFX. Hoery,Cepu, 1970)

 
Angin Ketiga
Rodha bakal muter bali, Sumi
Yen langit klawu ing bang wetan
Wis kesaput angin esuk
Lan kembang-kembang randhu
Mangsa karo padha gogrog
Kowe njur lunga menyang tegal, Sumi
Nyambut gawe nganti sore
Wengine yen wis sepi
Kapangmu mesthi kumat maneh kaya mala
Marga aku ana kutha
Wis kejiret benarng-benang sutra
Lan katut malih dadi angka
Sumi,
Aja kok kira kapangku wis mari
Saben wengi dak tlusuri iline kali Ciliwung
Dak goleki mbokmenawa ana serat-serating citramu
Sing dak temu
Sanadyan aku ngerti
Iku sawijining dosa
Yen langit ing bang wetan
Wis kesaput tekaning esuk dina anyar
Aku mesthi bali, Sumi
Nalusur ing andhaning dhandhanggula
Ngaras rambutmu lan tegal kita
(Trim Sutidja, Jaya Baya no 17, 1971)

 
Pisungsung

 
Ukaraku iki rak ora nyangklak ta, bapak
Rikala aku kesasar ana tengah dalan
Panjenengan paring obor pepadhang
Rikala aku bingun kelangan gegondhelan
Panjengan paring teken kasantosan
Ukara iki rak ora nyangklak ta, bapak
Minangka pisungsung lan
atur panuwunku
Wiji pari kang dak dhedher wingi
Saiki wis semi
Prawan sengkeran kang dak tresnani
Saiki nagih janji
Tembangku iki rak ora ampang ta, bapak
Minangka pisungsung lan atur panuwunku
Rikala aku ngorong kasatan
Panjenengan paring banyu bening sak-klenthing
Panjenengan parinrg daya panyurung
Tembangku iki rak ora ampang ta, bapak
Minangka pisungsung lan atur panuwunku
Rikala aku rangu-rangu
Panjenengan paring donga pangestu
Rikala aku dirangtang satru bebuyutan
Panjenengan ngunus pedhang ligan nampani tantangan
Bapak
Yen aku kawin
Panjenengan dak aturi dadi modin
(Moch. Nursjahid, Jayabaya no 15, Desember 1971

 

Tapel Wates
Karia lestari, Endang
Yen mengkono sing kok-karepake
Wengi iki
Kamarku kareben ta sepi-sepi
Pancen ora ana pangarep-arep sing bakal lahir
Ana asing ko-entha-entha jroning pangimpen
Saka sakwijining penyair sing mecaki pangumbaran?
Manawa iku sing kok karepake, Endang
Kareben ta wengiku iku sepi nyenyet
Manawa bibit sastra sing dak deder neng atimu
Ora nukulake rasa tresna marang iku sing dak tresnani
Aku wis marem nyawang lintang-lintang, Endang
Yen tresnane ati, mung ngrenggani diri pribadi
Lah sliramu kena ngambali pangimpen
Biyen ana penyair sing tau lahir ing plataraning atimu
Dhek semana ana bibit tresna sing tau smei saiki mati
Yen iku sing kok karepake, Endang
Kareben ta wengiku iki sepi-sepi
Kamarku blasah naskah, ngguraki tresnaku iki
Karia lestari, Endang
Karia lestari
Liwat tapel wates iki
(Andjrah Lelanabrata, Jayabaya no. 17, Desember 1971)
Kertu-Kertu Ceki
Kertu-kertu ceki iki
Aja dirampas maneh saka tanganku
Amarga ya mung kari kuwi woding uripku
Dalanku tekan ing sabrang
Marang donyaku sing wis ilang ing kasunyatan
Marang donyaku, donya khayali
Nglipur atiku sing sumendhe ing lintang-lintang
Amarga donya kang nyata pranyata dudu darbeku
Nanging donyane para brewu sing bisa nuku
Kertu-
kertu ceki iki
Aja dirampas maneh saka tanganku
Amarga ya mung karana kuwi aku bisa lali
Atise wengi ing ril-ril sepur kuwi
Bantaling turuku wodining impenku
Marang donyaku, donya khayali ing lintang-lintang
Amarga saiki
Saben emper toko lan longe kreteg kabeh wis dipageri ruji wesi
Mangka aku ngerti
Sesuk sore ril-ril sepur kuwi ya wis mesthi wis dipageri
Ora perlu dak pikir sesuk bengi aku kudu turu ngendi
Anggere aja kok rampas maneh kertu-kertu ceki iki
(Trim Sutidja, Jayabaya no 38, Maret 1972)
Wiji Kang Dak Tandur
Wit gayam kang manglung kali
Wis banget tuwa umure
Tangise bayi kang kajejer ing lingsir wengi
Banget nrenyuhake lagune
Bulik
Wiji kang dak tandur
Saiki wis thukul
Ibu nggadhang
Simbah ngudang
Pinaringana tansah lestari thukule
Dadi pangayoman lan palereman
Putra wayahe ing tembe
Ora arep dak sirep kumandange lagu perih iki
Senadyan nyandet mengane lawang kaswargan
Senadyan nglagokake wengi-wengi pinaes lintang
Pancen ngene sejatine urip, bulik
Sedhela-sedhela tansah manggul kekalahan
Saben wanci praceka nantang
Saupama wiji kang dak tandur wis gedhe ngrembuyung
Bakal dak ampirake andon lelana kang mlaku nyandhung-nyandhung
Saben wengi tansah dak lagokake kidung
Atur panuwun marang gusti
Kinanti pepuji
(Moch. Nursjahid, Jayabaya no 38, Maret 1972)
Panji Klantung
Sapa kuwi kang padha ngungsi
Ninggalake pekarangan, ninggalake dhasi?
Panji klanthung, panji klanthung
Dheweke ngetung srumbung urut lurung
Srengenge panas ing tlatah ngare
Gumuk-gumuk padha mendhak gigire
Panji klanthung, panji klanthung
Wis pira kutha kampung kok etung?
Si panji gedheg mripate abang
Ing tangane suket lan alang-alang
Disawurake ing awang-awang
Panji klantung, panji klanthung,
Si panji keplayu saka kampung
Mbiyen impene gunung
Suket ijo ngrubung srumbung
Mbiyen impene kebon jagung
Kali kanal padha agung
Saiki mati, mati
Guci-guci gemandhul ing lemari
Sumebar ing emper kreteg genteyongan
Boboting panandhang
Sumebar ing kutha-kutha ninggal jaritan
Adol sakabehe kasusilan
Panji klanthung, panji klanthung
Apa bener kowe keplayu saka kampung?
Si panji mesem merak ati
Drijine nuding srengenge lagi lumadi:
Nyang ngapa takon, nyang ngapa nyapa
Takon marang sing gawe crita
Tembok-tembok wis ditata dhuwur
Tembok-tembok wis disap diatur
Angin sumriwing ing kuping
Si panji mlayu nggendring
Si panji, si panji,
Entenana aku, enggala bali
Aku dudu mata-mata, aku dudu kompeni
Si panji mandheg sumpeg:
Aja kok ganggu lakuku
Aku bakal gaweprau saka kayu
Aku bakal nyabrangi segara asat
Aku bakal ngungsi adoh lumawat
Apa ora salah
Si panji ninggalke tanah tumpah dharah?
O, aku iki bangke
Ing kene gawe sepete sang srengenge
Si panji, si panji
O, ketiwasan si panji
Sapa kuwi kang padha ngungsi
Ninggalake pekarangan, ninggalake dhasi?
Panji klanthung, panji klanthung
Dhewekw ngetung srumbung urut lurung
Panji klanthung, panji klanthung
Atine bengkah kena wadung
O, sapa sing tanggung
O, sapa sing tanggung?
Srengenge ing tlatah ngare
Gumuk-gumuk padha mendhak gigire
Panji klanthung, panji klanthung
Wis pira kutha kampung kok etung?
Mung siji sing durung
Kapan giliranmu kena srimpung?
(Suripan Sadi Hutomo, Jaya Baya no. 49, Agustus 1972)

 

Ibu
Ibu, dhek bengi aku ketemu
Karo kenya sing tau ngrebut atiku
Ibum dhek bengi aku papagan
Karo prawan sing tau dak jak gojegan
Ibu, wiwit kuwi aku tansah kelingan
Karo kenya sing tau dak jak kenalan
Ibu, saya suwe eseme njiret atiku
Piye ibu, umpama bocah kae dipek mantu?
Apa ibu wis kersa kagungan mantu?
(Mas Tok, Panyebar Semangat no 47, 1973)
Sadawane Dalan
Kakang ….
Yen ing kutha wis lingsir wengi
Delengen ta kakang
Sing padha turu gumlethek neng tritis
Wengi iki dheweke turu kepati
Kinemul mendhung kinancan ratri
O, kakang …. Penggalihen
Yen wengi saya tintrim
Kekes, adhem, cumlekit dadi siji
Banjur …. Subuh
Kang padha turu kepati …. Krungu
Ambal-ambalan bedhug tinabuh
Wengine wis dadi esuk
Srengenge jumedhul
Aweh esem sandhuwuring gumuk
Bedhug bali keprungu maneh tengah rina
Badan sepata …. Wis adoh gumregah
Pangan …..
Njur smabat ….. nyuwun pangan
Jroning ati nangis …. Sadawaning dalan
O, kakang …. Wigatekna
Dheweke uga umat ….
Padha karo kita
(Koesna,Panyebar Semangat no. 5, Februari 1973
Ing Telenging Wengi
Wit-witan lan rerungkudan ora bisa crita liya
Saben aku nlusur dalan iki:
Kowe keplantrang, mitra, kowe keplantrang.
Wit-witan lan rerungkudan ora nate nyingkur atiku
Adreng nganti wangsulanku:
Ora. Ora ana maneh sing dak lari.
Aku keli kaya larahan ing kali,
Nanging manawa tumlawung kidung wengi
Aku ati kang kasmaran
Aku bayi durung bisa nyawang lan micara
Nadyan wit-witan lan rerungkudan tetep setya
Ngetung tebaning jangkah lan kandha:
Ah, saiba abote sesangganmu, manungsa.
(Ardian Syamsuddin, Jaya Baya no 39, 1974)
Penyair, Bengi Iki Sliramu Nglilir

 

Percayaa penyair!
Yen bengi iki sliramu wani nothok omahe randha
Dheweke bakal tangi, lan gragapan nginguk liwat jendhela
Banjur takon:
„Kowe Sapa? He, kowe sapa?
Petugas keamanan, apa wong jaga?
Wong arep becik apa wong are tumundak ala?‟
Ngakua, yen sliramu penyair
Ngakua, yen bengi iki merlokna nglilir
Lan yen kampung pinuju kasepen
Awit wong jaga ketungkul mburu impen
Kuwi wancine sliramu teka
Kuwi wancine randha mbukakake jendhela
Kanggo apa susah-susah
Dak kira seprana-seprene dheweke wis mari sayah
Lan dheweke mesthine ra butuh uyah
Ah, mesthine mangkono, penyair
Dheweke bakal lilih penggalihe
Banjur ngajak sarean satanege
Yen wis mangkono, ajaken dheweke mlebu kamar sing resik
Pilihen klambu sing rapet, slimut sing kandel
Jalaran lemut galak ing kene
Malah yen perlu sumeden obat nyamuk
Senadyan ora mandi, nanging cukup gawe sugesti
Penyair, mripatmu bakal melek ing sandhuwure bantal sing resik
Irungmu bakal tansaya tajem ing sandhuwure ganda amrik
Nah, ing kene, ora usah kok peksa
Dheweke bakal cucul kutang lan tapihe
Saiki, sprei kang kisut bakal gawe sajak-sajak
Kaendahan bakal thukul lan kasuntak
Ing kene sawijining idhe wis kecandhak
Kari ngangkat ing mesin cethak!
Penyair, aja banjur sliramu kandha sapa-sapa
Senadyan kuwi mitra akrabmu
Eling, saiki wis akeh intel lan saiki wis wiwit pinter
Kejaba yen dheweke kuwi penyair Jawa
Ngono bae isih kudu pilih-pilih
Dheweke kuwi penyair anyar apa penyair kuna
Dheweke kuwi ugal-ugalan apa ngerti tata krama
Jalaran iki wis wektune, kasusastran ora mbuntut jaman
Nanging kasusastran sing nuntun jaman
Lan penyair wiwit nduweni kesempatan
Nglilir lan ngopeni randha-randha
Nglilir nggugah sastrawan Jawa
Nglilir kanggo ndonya!
Penyair, mengko sliramu uga entuk milih
Endi dhadha sing krempeng, lan endi dhadha sing weweg
Endi pantat sing gepeng, lan endi pantat sing padhet
Percayaa penyair! Iki wis wektune!
Lan sesuk awan bakal ana kabar ing koran harian
Kasusastran Jawa wis bisa muncul sarana ide edan-edanan!
Kasusasutran Jawa wis bisa mumbul gawe pangeram-eram!
(Poer Adhie Prawoto, Jaya Baya No 12, 1974)
Layangan

 

Delengen galo
Lelumban ing langit biru
Ngetog wiraga lan lelewa
Polahe kagila-gila
Ngiwa nengen munggah mudhun
Kaya urip-uripaKaya iya-iyaa
Sajak duwe nyawa
Nanging nyatane
Yen angin sepi
Kumleyang jiglok ing lemah
Ora kalap
Kegedhen angin pedhot
Kabur kabuncang
Tambah-tambah tibane
Aku kabeh iki uga layangan
Lagi kekejer ing tawang
Satengahing bebrayan
Embuh dadine
Kepriye wasanane
Aku ora ngerti ora weruh
Gumantung karepe si Kuncung
Sing nyekel benang
Kang dadi dhalang
Babaring kaanan
(T., Parikesit no 74, Juni 1974)
Katriwal

 

Wis kadhung kadlarung
Nyasak nyusup angkering urip lan panguripan
Surem, nggameng
Kinemulan kandeling pedhut bedhidhing
Tansaya nglangut
Playuning jangkah-jangkah kelangan angkah
Andheng-andheng thuntheng, mrajak ngrenggani ayu pulasan
Kabeh alok gething, parandene malah kasandhing
Kabeh padha nampik, ewadene sangsaya adreng anggone nglirik
Hem, samono gelar esem-esem ing satengahing marga
Lan nalika klorob ing jurang palimengan
Nglumpruk koncatan daya
Nggremet, keket rinuket
Kumlawe, awe-awe
Luru pangentasan
Cuwa
Muspra
Mripat luwe jlalatan, bali nglentrih
Perih
Ati ngorong ngrutug panglocita
Kanggo apa, aku lan kowe kudu lair?
Jer mung padha budhal,, kanggo katriwal
Ah, nanging … Ing pantog pepesing jangka
Ing dhasar jurang palimengan iki
Isih tinemu
Sumilir angeting katresnan jati
Kumriwik etuking karahayon langgeng
Cetha, kumlawe astaNE
Ngentas kang lagi papa
Ngluwari panandhang
Mbirat jejember
Mbirat jejember
Lan kang ditemu mau
Aku lan sliramu
Aku lan sliramu kang wis kadunungan ati pasrah.
(M. Tajib Moerdjanto, Jaya Baya no 5, September 1974)
Kenya
Sapa ngungak jendhela
Sapa tumenga akasa
Kenya,
Kenyane pak sasra
Kambi sapa aku mesthi seba
Kambi sapa ngabyantara
Bengi iki
Kanggo wanci, kamulyan dina mburi
Kenya, kenyane pak sasra
Baya pulung tumiba
Kenya si „jantung ati‟
Kekudhungan sing merak ati
Kaya wis kliwat kapang
Kaya patrape si dhadhang
Apa guna dieman
Dieman?
Kenya, kenyane pak sasra
Kenya, ngungak jendhela
Mandheg mega
Kagem sapa
Kekarepan ngrembuyung ing taman
Si kenya, kenyane guritan
Si kenya agegancangan
Kepyake jaman
Apa mengko bisa seba
Angrengkuh kudangan
Apa mengko tumurun teja
Tejane kanyatan
Si kenya, kenyane pak sasra
Si kenya, darbeke sapa?
Giliran sing bakal teka
Papa klawan palastra
(Poer Adhie Prawoto, Jaya Baya no 4, September 1974)
Dak Enti, Arip Ing Mripatku
Dak enti sliramu, e arip ing mripatku
Wengi sangsaya tuwa
Swra wis sirep padha
Atis sangsaya nglithis
Ing tritis dak umbar bulan dolanan
Mung sliramu tansah dadi pangarepan
Apa iki ganjaran
Pawehe wengi
Bulan
Lintang
Konang
Jerite jangkrik
Jerite kirik
Klawan aku sing awas wis nyirik
Wiwit bojoku saben-saben purik
Apa iki pengajaran
Sepi rame nyuweki ati
Mula guritan lan cerkak tansah ora dadi
Ah, apa sliramu sing katut ombaking jaman
Tugas sinambi golek obyekan
Banjur ginandhulan prawan umbaran
Nganti surup rembulan
Dak enti sliramu, e arip ing mripatku
Wengi sedhela maneh mati
Banjur bulan malik
Gelis enggal balik
Selak bojoku purik
Awit,
Atis wis miyak jarik.
(Ngalimu Anna Salim, Jaya Baya no 9, Oktober 1974)

 

Bandhungan
Badhungan ….
Esemmu, ah esemmu
Ngujiwat, nyasapi sadawaning laku
Nganti ati lan ati padha kelayu
Ngluru apa akng bisa didulu lan diburu
Prawan ayu sumadya katuku
Larasati, adol lipuring kalbu
Bandhungan ….
Sumiliring angin gunung, sumringah
Aweh prasapa marang kang padha teka
Para bandha kalungan hawalan penyair sangu graita
Bandhungan, ah bandhungan
Lumerabing tlaga ing rawa pening Iku kedhep pepeling
Yen urip iki
Kaya rodha gumuling.
(M. Tajib Moerjanto, Jaya Baya no 9, Oktober 1974)
Gentheng Gentheng Banyuwangi,
Gentheng omahe mitraku
Ing latare kang jembar nate dak nggo ajar mlaku
Angin kang nakal
Miyak rokku kang ora nganggo suwal
Adhuh, aku isih cilik, bu.
Bis sepisanan wis teka nggawa warta
Mitraku wis ana kang dadi sarjana sujana
Nggawa kenya putih, kenya saka negara Landa
Ambune apek, jare hipis kang wis dadi randha
Adhuh, aku wis adiwasa, bu.
Uripku kaya wong lelungan
Nalika aku njaluk surat ing kecamatan Isih dak rungu swarane paman Doblang:
Sumi, apa
Gentheng wis kentekan wong lanang Kok kowe menyang Jakarta kepilut-pulutan?
Ah, aku saiki bali, aku bali
Sing ana ing awakku mung kari siji
Urip apa mati, ing Gentheng Banyuwangi
Awit aku palanyah kang wis ora kebiji
Adhuh, aku wis ra suci, bi.
Manuk prenjak, manuk gagak
Apa isih ana arak, ana towak
Apa isih ana swara kang kepenak
Kanggo si Sumi wanitamu kang ketlarak
Adol awak ing kutha buthak?
Manuk gagak, manuk prenjak
Adhuh, si Sumi wis dadi cagak
(Suripan Sadi Hutomo, Jaya Baya no 11, November 1974)

 

Pesakitan
Mangkono sesebutan kang didarbeni saiki
Sinusupake ing mripat abang ngatirah
Pakulitan kebrangas panasing dalan-dalan kang dilewati
Sinusupake ing bau kang rinasa semplah
Pesakitan, pesakitan
Sawenehing nom-noman kang nggegem kapaling tangane
Sawenehing nom-noman kang mikul kapaling pundhake
Tanpa panduwa tumrap sakehing pandakwa
Tanpa pembela siji-sijia
Maju ngareping pengadilan
Nuli yanpa suwala giniring lumebu pakunjaran
Pira lawase ndhekem ing kene
Ngadhepi jobin adhem lan tembok-tembok kusem
Mbuangi dina-dina tanpa piguna
Selagi brayate kentekan sandhang kasatan pangan
Ndhungkili lemah ing tegal garing nela-nela
Sawenehing nom-noman kang nggegem kapaling tangane
Sawenehing nom-noman kang mikul kapaling pundhake
Ngadeg samburining ruji-ruji wesi
Ninggal brayate kentekan sandhang kasatan pangan
Ninggal kayu tegoran saiji ing alas jati
Dudu kang mubra-mubra kebanjiran bandha
Mbedhal mubal saka kaskayaning negara
Dudu kang sarwa kecukupan ngisep kringeting liyan
Kang padha merdika sanjabaning pakunjaran
Dheweke kang ngadeg samburining ruji-ruji wesi!
Wingi konangan sandhing kayu tegoran saiji ing alas jati.
(St. Iesmaniasita, Guritan, Antologi Sajak-sajak Jawi, Surakarta, 1975)

 

Panggah
Ajeg andon jurit
Panguripan sombyang-sombyang
Kebak panantang
Ing sisihe wengi-wengi kabuntel pedhut
Dalane anglangut
Suprandene
Embun-embun nelesi ati
Dak piyak pedhut-pedhut esuk sumilak
Ngajak lumayu
Denyuting jantung
Ora sirna dinulu
Panggah isih andon jurit
Dak pandeng
Gendera sing kumlebet
Mantheng
(Anjrah Lelanabrata, Kumandang no 62, Januari 1975)

 

Merdeni Pasemon
Wonten saloka winuwus, wuwusing basa basuki
Winawas tan kawistara, werit arumit sayekti
Lelungidan srat kidungan, linaras landheping budi
Mangkana ingkang tinutur, linukis ukara muni
Tapaking kuntul ngalayang, panggonane susuh angin
Iku kinen nguladana, paran artine kang tulis
Dene ta tapaking kuntul, pangripta nyoba merdeni
Manungsa ingkang utama, ber budi suka sumbangsih
Asih samaning tumitah, angegungken pangaksami
Iku ta sanepanipun, makna werdining kang tulis
Manungsa atinggal asma, kelamun praptaning janji
Tapak tilase winaca, ala lan becik kaeksi
Mangka ta ingkang cinatur, si gajah kelamun mati
Atetinggal gadhingira, dene si macan yen lalis
Walulang ingkang tininggal, sato mati awewaris
Manungsa kang luwih unggul, pinunjul sesining bumi
Apa ta warisanira, saliyane duniyawi
Tulis datan kasatmata, asmane ngambar awangi
Susuh angin kang sinebut, maknane saloka nenggih
Mungguh jatining sujanma, wikan dununge pribadi
Angin artine Ngagesang, ngerti purwaning dumadi
Ora gampang arsa weruh, weruh dununging ngaurip
Uripe sing mokal-mokal, kapilut gebyaring picis,
budi angkara sinuba, atinggal pakarti suci
Tekeng kalamangsanipun, wewales gung anekani
Tan kinira twin rinasa, sangsarane tan winilis
Mengkono tuturing werdah, jantraning jagad pinasthi.
(Mas Gandes, Jaka Lodhang no. 185, Februari 1975)

 

Kendhang
Welingmu sing tuwajuh nguruti raga aking
Rai nungkul kepati ngekep pranaja
Kanthi ngrangu cumithal mripat sing bening
Nanging pangajap donya akerat
Kebat jangkahmu kesusu nungka layang pamegat upama jerit iki
nguncegi bundhelan ati sing kejuwing
pangirane mbulan mesem kepencut melua ngliling
banjur kapan nebusi asih mulus
banjur kapan krenahmu bali burus
anakmu kebacut kebentus-bentus
(Muryalelana, Jaka Lodhang no 194, April 1975)

 

Kakotak-Kotak
Sawah jembar
Laladan bawera
Kutha ndesa rowa nderbala
Pategalan ngenthak-enthak
Kutha ndesa tinengeran bulak
Sawah jembar kakothak galengan sewu
Galengan sayuta
Tanggul tangkis bendungan lambe-lambe lamis
Mangsa rendheng banjir ngamuk
Bendungan jebol …
Galengan sayuta sirna
Sawah musna
Samodra luwih jembar
Segara luwih rowa
Luwih nderbala
Ombak mratah tumlawung sagunung-gunung
Prau laju karangkul ombak gumulung
Layar dak inger nyungkemi kota pahlawan
Prauku bali mangetan
Mulih ….
Kumpul bojo kumpul anak
Urip iki dadine luwih kepenak
(W. Santoso, Panyebar Semangat no 15, April 1975)

 

Kampungku
Kampung kangenku
Prawan sunthi apinjung apek banyu
Bening praupan
Sumeblak kaca pangangenku
Yen sore padhang mbulan padha jethungan
Nolak sarab sawan Kang nyengkerem kapercayan
Bubar panen Yen wengi gendhong kothek sesautan
Kampung kangenku
Gendera musthika
Kumlebet klebet mitir pangrasa
Prasasat kudhupe mlathi
Nembung tangan asih enggal bali
Saka latah urbanisasi
(Soekarman Sastrodiwiryo, Djaka Lodhang no 200, Juni 1975)
Matur Nuwun
Matur nuwun priyagung
Marang pawewehmu lan pakaryamu
Supaya aku lan sumitraku
Ora goreh lan rangu-rangu
Gandholan ana bis-bis kota
Lan lesehan ana sarasehan-sarasehan
Wis jamak lumrahe
Bawoning laku iki ucapmu
Yen sliramu bisa lenggah ing sandhingku
Dak wacakake geguritan-geguritan biru
Kang kebak pangarep-arep rakyatmu
Kang padha lungguh sidheku
Ngantu-antu rawuhmu
Matur nuwun priyagung
Kang sepi ing pamrih
Adoh saka sesuker lan reretu
Lan bisa ngrasukake dhuhkitaku
Dhuhkitamu
Dak gegem kenceng tangan-tanganmu
(Susilomurti, Kumandang no 83, Juni 1975)
Paceklik
Anakku
Puluh-puluh wis begjaku lan begjamu
Kowe ra menangi sega beras anyar
Ora weruh biyungmu nutu pari teles
Anakku anak siji dak aji-aji
Dak golekake pangan tekan ngendi-endi
Mangsa ketiga dawa
Panase sumelet tanpa mega
Padaringan kothong tanpa isi
Anakku anak siji dak aji-aji
Dak ajak gagas leles pari
Panase sumelet tanpa mega
Anak siji dak aji-aji
Dak turokake ing galeng dak kemuli
Anakku
Nywaraa maneh kaya mau
Dhek jinojoh kang duwe sawah
Anakku anak siji dak aji-aji
Mati jinojoh wong, sinengguh colongan pari
(Prijanggana, Iesmaniasita, Guritan Antologi Sajak-sajak Jawi, Surakarta, 1975)

 

Kasatan
Entek wengi ing panglamunan
Nunggoni teplok sumunar surem
Ndluwang coretan gumlasah sebah
Pulpen gumlethek sendhet wetune
O gegantungan
Marang wicaraning panguripan
Kacingkrangan lan kaendahan
Tinatah peni sinungging edi
Jumedhul karya reriptan seni
Entek wengi ing panglamunan
Garing tandhus daya ciptane
Asat lenga teplok ing meja
Peteng kamar peteng uripe
(N. Sakdani, Iesmaniasita, Guritan, Antologi Sajak-Sajak Jawi, 1975)
Aku Paragane
Takona marang aku
Bapa-abapa sing krenteg wayuh
Ibu-ibu sing nedya perak
Aku endhog sinimpar saka patarangan
Wiji dadi – sinengguh sawijining pepalang
Ibuku randha saiki krama maneh
Tindak sing ngedohake rasa
Lan bapak seda ninggal randha
Asihku rinebut liyan
Tresnaku sangisoring semboja
Pepedna aku ing pantonging pitakon
Aku mung bakal bisa ngaku
Jarene anak wong
Sapa kang bakal ngrewes
Bocah kuru aking dhedhingklangan turut lurung?
(Rachmadi K., Iesmaniasita, Guritan, Antologi Sajak-Sajak Jawi, 1975)
Lola
Lampu-lampu mati
Lakune rerambatan sikile ringkih
Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok-thothok lirih
Pak, bapak ngakna, pak
Yung, biyung ngakna, yung Ing jaba adheme ora jamak
O, bapak, o biyung
Aku kangen angeting asihmu
Aku kangen nikmating katresnanmu
Aah,
Aku banget kapang kekudhungan
Ing gebyaring lintang sayuta
Nanging, tan ana sabawa
Lampu-lampu mati
Lakune rerambatan sikile ringkih
Nlusuri lawang-lawang bisu
Jroning dhadha isih nggegem pitakonan
(Moeljono Soedarmo, Iesmaniasita, Guritan, Antologi Sajak-Sajak Jawi, 1975)

 

Kebogiro
Anakku lanang wis mulih maneh, oh, ati
Saka pulo kang adoh nyabrang segara rempela
Bagus, kabar apa kang kok gawa saka kana?
Sengsara apa kang kok sampirake ing pundhak kuwi?
Nyedhaka mrene, jlonet, ambruk ing pangkonan
Dimen bisa cak serit rambutmu kang kebak awu
Baksil kang diguyurake dening tangan-tangan jail
Mara mrenea nggeer anakku kang nate ilang!
Sulingmu kang lumuten wis dak umbah sarana eluh
Angkaten maneh penmu kang tainen, asah
Tumuli bali nulis ing dluwang iki
Merga ana kang mokal runtuh
Omah eyub saka kejujuran
Anakku lanang ayo padha nembang
Esuk-esuk Lair maneh guritan selarik:

Tunggak waja kang sepi ing tindak deksiya

(Sl. Soeprijanto, Iesmaniasita, Guritan, Antologi Sajak-Sajak Jawi, 1975)
Prapatan Cilik
Mung netramu kang mapag liwatku
Ing prapatan cilik sepi
Tanpa sapa aruh lan esem guyu
Ndadekake crita iki ora rampung
Kaya keblat prapatan cilik iki
Kudu sowang-sowangan
Aku njaluk ngapura
Kabeh kandheg ing daluwarsa
(Djudjuk S, Djaka Lodhang no 195, 1975)
Tampanana Ati Iki

Swara lirih ngedhipis atis
Ing sesela-selaning ati sasi agustus
Kaya kandha tanpa sabawa apa
Sasi agustus sasi kang mulus
Sasi kebak pangarep-arep ngalela

Nimas,
Tampanana ati iki
Geneya dadak suwala
Atimu lan atiku pindha sadulur kembar
Manunggal ing rupa lan panyandra
Langit biru kuwi
Duwekmu lan duwekku
Tampanana ati iki
Sasi agustus sasi kang mulus
Sasi siji ati siji
Tampanana ati iki
Nimas, ing sasi kang wis dadi nyawiji iki
Aku ora bisa asung punika-puniki
Kajaba mung pangajab muga
Tampanana ati iki
Tampanana
Jalaran tresnaku
Tresnane jiwa kang nunggal angga
(Y.A. Damayanti, Dharma Kanda no 302, Agustus 1975)
Imbal Wacana
Kang gumelar gilar-gilar isih jembar
Tatapen manwa pandengan bingar
Sisih kana gunung biru
Geneya ndhingkluk amarikelu
Gedrugen bumi ping pitu
Kibarna gendera pribadimu
Kanthi nyebut panjenengane
Idi palilah bakal kaparingake
(N. Sakdani, Iesmaniasita, Guritan, Antologi Sajak-Sajak Jawi, 1975)
Pamoring Satriya
Kawahnya ing pawayangan, tumrap satriya sajati
Tan pisah lan panakawan, tan kena ginggang sanyari,
Ing purwa den wujudi,
Semar Gareng Bagong Petruk,
Satriya kang sanyata, panakawan trus kekinthil,
Lamun pisah sirna pamoring satriya.
Pilihane panakawan, mung para satriya jati,
Kang mamayu yuning jagad, nyingkiri mring tindak sisip,
Lamun kang den iloni, arsa nemah tindak dudu,
Aweh peling supaya, enget kasatriyaneki,
Kuwajiban mrih sirnaning dur angkara.
Yen satriya datan kodal, wawarah tindak utami,
Panakawan temah oncat, nora sudi dadi kanthi,
Iku minangka bukti, manawa jalma sawegung,
Tan milih sudra papa, kanggonan tekad utami,
Pantes lamun ginigu karya kupiya.
Yen punakawan oncat, satriyane temah sepi,
Sirna surem pamorira, tan gatra satriya jati,
Lena datan ngengeti, bathok bolu isi madu,
Anggepe sapa pada, anggunggung diri pribadi,
Rumangsane samubarang wis kaasta.
Panakawan cacah papat, ingesuhan dadi siji,
Yen salah sijine misah, esuh kendo sada cicir,
Ing purwa den wujudi, lakon Petruk dadi Ratu,
Isine amung ecrah, mula den udi manunggil,
Yen manunggal pranyata dadi santosa.
Sentosaning panakawan, ngembani satriya adi,
Mujudake kekuwatan, pambrastaning tindak sisip,
Kuwawa angayomi, lir angganing paying agung,
Yen pinindahaken candra, sunare wrata awening,
Amemayu karya yem sining bawana.
(Gito, Mekar sari No. 22, Januari 1975)
Pahlawan Papat Lima
Getihmu wis rata
Sumebar, campur krikil lan wedhi
Dadi dalan kang alus lan rata
Balungmu sing pengkuh
Campur semen lan beton
Wis dadi gedhung-gedhung sing prakosa
Dagingmu wis sumebar
Kanggo menehi pangan
Anak turunmu
Suwek-suwekan panganggomu
Sing kedleweran getih
Wis dadi sandhangan
Sing maneka warna
Generasiku
Generasi pitu lima
Sing dadi seksi
Durung anane keadilan
Generasiku
Generasi pitu lima
Penerusmu
Berjuang demi pembangunan
Ing negara dhemokrasi iki
(Kadir Wong, Kumandang no 17, April 1975)

 

Kartupos
Kartupos pamitan dak tulis
ora merga tangis lungaku ngoyak buronku kang keplayu
Ora na malang, ora na malang,
ora na dalan kayutangan
Dheweke ngece awit saka kekarepanku
Kartupos pamitan kang dak tulis marang panjenengan
Mitraku, dak tulis merga aku duwe wektu
Ora nganakake pepisahan lan nganakake kopi susu
Awit kaya dene nalika tekaku ora nganggo pidhato lan kado
Awit aku dudu pejabat kepala jawatanmu
Awit aku dudu pemimpin partai golonganmu
Awit aku dudu kepala pasukan tentaramu
Aku juru gurit ing majalah langgananmu
Kang ngibarake swara kamanungsan
Bebener lan keadilan
Kaya dene angin kang mapak rambutmu
Kartupos pamitan Kartupos
Kartupos paseduluran
Awit kita ketemu lan kenal
Ing madyaning panguripan
Kang atos kaya pedhar gunung
Ngglundhung tanpa petung
Kartupos
Kartuposku
Kartupos pamitan kang dak tulis
marang panjenengan mitraku, tampanana
Iki atiku iki jiwa ragaku
Tampanana, tampanana
Mara enggal padha donga dinonga
Amin!
(Sadi Hutomo, Angin Sumilir. Balai Pustaka 1988)

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog