RSS

Arjunopati

Prabu Arjunopati Andongeng

a35_arjunapati_solo

Hanenggih kang ana ing madyaning Banjaransari ya kang ana ing madyaning udayana ya ing tengahing tamansari . Ingkang anggung lumampah sarimbit tan prabeda kaya pangejawantahe Sang Hyang Asmara lan widadari Bathari Renggani Asih , lah punika narendra ing Sriwedari , ingkang ajejuluk Prabu Harjunopati . Maksih mudha tumaruna wus jumeneng narendra , denya akekadhar ing udyana sarimbit lan ingkang garwa ingkang asesilih Dewi Citra Hoyi , Mangkana wijiling pangandika :
_”Nimas garwaning pun kakang, Citra Hoyi. Mangkene mulyane rasaku nganti ora bisa digambarake nganggo wewujudan apa wae , sabab nggonku duwe gegayuhan ingkang mokal kasembadan ewadene dadi kasunyatan . Kaya ta lelakone pun kakang duking wingi nggonku tinilar mukswa dening rama – ibu . Miturut para brahmana kabeh wus tumekaning seda, nanging aku duwe panganggep yen rama ibuku mukswa. Marga rama ibuku sawijining garwa lan guru laki ingkang wus tetunggalan kawruh lan ngelmu kasampurnan, padha-padha siswane Pandhita ing Sokalima ingkang apeparab Resi Druna . Dene wong tuwaku kang wis padha mukswa biyen angedhaton ing tanah Nisadha ya ing Paranggelung ajejuluk Prabu Palgunadi . Sedane nalika semana miturut dedongengane para sesepuh kang maksih sugeng tandhing perang lan pamadyaning Pandhawa ingkang akekasih Raden Janaka , padha-padha siswane eyang Pandhita Druna . Kanjeng rama tumekeng seda , kanjeng ibu sumusul alampus dhiri . Nganti dewasane pun kakang wus ora bisa nungkuli kaya ngapa ta wujude rama lan ibu , mung kari nemu dedongengan . Kaya ngapa sumengkane rasaku nggonku kepengin lumawan kodrat . Nadyan rama – ibuku wus padha tumekaning seda, pepenginan kang dak sandhang ora bisa dipambengi maneh kaya ngapa aku bisa nyumurupi wujude rama ibu . Rehne pati uripe manungsa iku kapuba kawasesa dening para dewa , nalika semana pun kakang munggah marang kahyangan . Wuse bisa lumawan tandhing kalawan ingkang ajejaga lawang Sela Matangkep yaiku Sang Hyang Cingkarabala lan Balaupata , pun kakang bisa ngambah ing Guru Loka . Dene kang tak sebut Guru Loka ingkang sasana ing kono rajaning dewa yaiku Sang Hyang Jagad Giri Pati ya Sang Hyang Bathara Guru . Saengga tilar kasusilan nggonku teka munggah ing kahyangan nampa soting dewa, pun kakang amalih dadi sipat raseksa , pun kakang brubah wujud asipat raseksa . Dening dewa pinaringan jeng Kunjarakarna . Lelakon kuwi ing kahyangan mbarengi ana dewa ingkang bakal nampa pidana . Dene dewa kang bakal nampa pidana mau uga dak kawruhi yen dewa mau ora dadi lan ora sida nandhang pidana sawise ana lelabuhan-lelabuhan kang trep kanggo nebus dedosane . Mulihe pun kakang sawise ana kahyangan uga anggadhahi panyuwunan ana ngarsane Sang Hyang Jadad Giri Pati bisane wujudku raseksa mau tumuli bisa ruwat dadi manungsa maneh . Wasitane Sang Hyang Guru, pun kakang kadhawuhan suwita pandhita ingkang apeparab Begawan Dhudha Kesa ing Pertapan Budi Sita . Bebasan anerang bebaya lakune pun kakang kabeh ingkang dakkarepake bisa kasembadan, katampa nggonku suwita Begawan Dhudha Kesa ing Pertapan Budi Sita . Wise ngatonaku lelabuhanku aku uga duwe panyuwun supaya ruwat nggonku asipat raseksa, dening Begawan Dhudha Kesa kabeh mau dileksanani nanging kagungan aprejanji “Samubarang ingkang didhawuhake Sang Begawan Dhudha Kesa aku ora wenang suwala” sawise dhawuh mangkono pun kakang uga ngaturake kasaguhan unine mangkene : “Menapa-menapa ingkang wonten ing kula panembahan, boten ingkang ngemungaken awujud gumelaring brana picis senajan gesang kula pinundhut paduka panembahan, kula caosaken tangan kalih boten anggrenjel sarambut “. Atur kesaguhanku marang guruku Begawan Dhudha Kesa sineksen dening geter lan pater . Wuse rampung sineksen jagad saisine pun kakang kaget , jebul ingkang apeparab Begawan Dhudha Kesa mau sesinglone ratu Dwarawati ingkang ajejuluk Prabu Bathara Kresna, aja maneh ta sesinglone ratu Dwarawati upamane Begawan Dhudha Kesa mau sesinglone wong cilik ongklak-angklik, wong pidak pajarakan , wong sudra sampali , loro-loro saudon telu saurupan , nanging aku wus kabacut saguh , apa sing dakucapake bakal dakleksanani . Nanging nalika semana Begawan Dhudha Kesa durung darbe pamundhut apa-apa senajan wus jugar dadi narendra Dwarawati saklimah ora ana pamundhute marang aku . Dene sawanci-wanci ana pamundhute marang pun kakang , narendra Dwarawati kepareng mundhut apa bae bakal dak caosi iku ya guruku iya wongatuwaku”
…………………………Lunging gadhung malengkung ………………………………………….

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog