RSS

Raden Werkudara

RADEN WERKUDARA

bimasena1

Raden Wrekudara, ya Raden Bratasena, Bimasena, Wijasena, ya Sang Abilawa. Satriya panenggaking Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Jodhipati utawa Unggul Pawenang. Wujude satriya gagah gedhe dhuwur, godheg wok simbar jaja, yen ngendika gereng-gereng pindha guntur. Kekendelane kliwat ukur. Nadyan katone agal, nanging bebudene Wrekudara alus. Nadyan pinter, nanging ora gelem ngumukake kapinterane. Watake jujur, apa anane, laire padha karo batine.

Raden Werkudara uripe bisa ngendhaleni pancadriya. Ora direh dening hawa napsu, nanging malah bisa nguwasani lan ngiket perbawane hawa napsu patang prakara: amarah, sufiah, aluamah, lan mutmainah. Iki digambarake ing busanane Sang Wrekudara kang awujud kampuh bang bintulu aji: Abang, ijo, kuning, lan putih.

Raden Werkudara garwane ana telu yaiku: Dewi Nagagini, peputra Raden Antareja; Dewi Arimbi , peputra Raden Gathutkaca; Dewi Urang Ayu, peputra Raden Antasena.

Pusakane Raden Werkudara aran Gada Rujakpolo utawa Gada Lukitasari lan Kuku Pancanaka. Aji-ajine: Blabag Pangantol-antol, Ungkalbener, lan Aji Bandungbandawasa. Raden Werkudara iku kalebu siswane Bathara Bayu dewaning angin. Mula yen Raden Werkudara lumaku sajak kesusu, banjur jumangkah kang dohe 7 yojana utawa kurang luwih 7  ping 1, 5 km, tur mawa prabawa angin gedhe lan lesus.

Ing Lakon Dewa Ruci, Werkudara diloropake dening Pandhita Drona supaya tekaning pati. Nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin ing Gunung Candramuka, malah antuk nugraha lan sesuluh saka Bathara Indra lan Bathara Bayu. Nalika ngupadi Banyu Suci Perwitasari ing samodra, malah bisa ketemu Bathara Dewa Ruci, lan antuk wejangan kawruh sangkan paraning dumadi.

Nadyan Werkudara sajege ora tau basa lan ora tau ndhodhok marang sapa bae, ananging yen ana sangarepe Dewa Ruci, Werkudara gelem basa lan gelem lungguh. Iki minangka symbol yen Werkudara iku wong sing lugu, polos, prasaja lan ora munafik.

(Irwan Sujono, 1996:43-44; Djaka Lodhang No 33 Tahun 2010, kaca 52)

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog