RSS

Dewaruci

wajah bima

Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kadhayohan muride kang kinasih Sang Bratasena Ya Harya Werkudara. Ana ing patemon iku Resi Drona ngutus Brantasena, supaya golek  “Kayu Gung Susuhing Angin.” ing alas Tikbrasara yan alas Candramuka.

Brantasena tanpa tidha-tidha tumuli mangkat nyuwun pangestu marang Sang Guru Resi Drona. Ing patemon guru lan murid iku uga ana Patih Astina Sang Harya  Sengkuni. Sang Sengkuni ngerti apa  sing dhawuhake Resi Drona marang Brantasena. Sengkuni nyuwun pirsa geneya Resi Durna dhawuh mangkono marang Bratasena. Resi Drona wangsulan manawa anggone ngutus Werkudara nggoleki Kayu Gung Susuhing Angin iku satemene kepengin njlomprongake Sang Bratasena supaya sirna margalayu.

Sengkuni lan Drusasana kadhawuhan  dening Resi Drona supayaning ngawat-awati  Brantasena.Kacarita  Brantasena wus tekan ing alas Tikbrasara. Werkudara tumuli ndhungkari gunung, mbedholi wit wit sing ana ing kono, nanging apa sing digoleki ora ditemokake. Malah arep dibadhog buta loro Rukmuka lan Rukmakala . Buta loroiki bias disirnakake dening Werkudara kanthi di adu kumba . Buta loro iki satenane panjalmane  Bathara Indra lan Bathara Bayu kang disotke/dikutuk dening Sang Hyang Guru.

Bathara loro mau ngaturake  panuwun marang Brantase. Kanggo tandha atur panuwun, Branthasena diparingi ,sesupe utawa ali-ali Kang aran  “Sesotya Mustika Maniking Candrama”. Dene daya panguwasane ali-ali mau bias ngurangi  dayaning samudra kang jero lan amba satemah ora bakal kelem ing banyu. Banjur Brantasena nyuwun pirsa maneh ngenani  “Kayu Gung Susuhing Angin?” Bathara Indra mangsuli,”yen Kayu Gung Susuhing Angin iku tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran”

Banjur Brantasena bali menyang Sokalima arep nyuwun pirsa marang Resi Drona sang guru.

Ing padepokan Sokalima,  Brantasena ngaturaken marang gurune, kabeh sing wis kedadean marang awake, Brantasena nyuwun pirsa babagan ilmu kasampurnaning dumadi. Banjur Drona mangsuli,

” Isih ana syarat kang kaping pindho, goleka Tirta Pawitra Mahening Suci kang mapan  ana ing sajeroning  Samudra Minang Kalbu.” Banjur Brantasena pamit marang gurune.

Brantasena nyuwun pangestu marang ingkang ibu, Dewi Kunthi lan para kadang Pandhawa liyane. Ananging Dewi Kunthi lan para kadang Pandhawa ngalang-alangi tekade  Brantasena. Ana kang nggondheli kampuh, ana kang nyikep sikile Werkudara, ana kang nyekeli tangane Sang Bratasena. Bratsena mberot tumuli malumpat tumuju Samodra Minangkalbu.

Ing dalan Brantasena dicegad Anoman, sarta sedulur tunggal Bayu liyane yaiku , Begawan  Maenaka, Jajal Wreka lan Gajah Setu Banda, Sedulur papat tunggal bayu mau ngarih arih Branthasena supaya murungake tekade . Brantasena tetep mberot , ora bisa  diendhakake tekade.

Brantasena bacutke laku, Kocap kacarita Bratasena wus tumeka ing gisiking  samudra kang tanpa tepi, Bratasena tumuli nyemplung samodra kang ombake gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena tansaya manengah, tansaya manengah , saperlu ngupadi Tirta Pawitra. Ing tengahing samodra Brantasena digubeg  dening naga Namburnawa ya Nabatmawa kang gedhene sawit tal. Bratasena kasil merjaya sang naga nganggo pusaka kang mapan ing anggane Sang Bratasena aran Kuku Pancanaka. Malerah abang getihe Sang Namburnawa menuhi tengahing samodra.

Werkudara wus tekan ing pulo cilik ing tengahing samodra. Tanpa dinyana wus ana wewujudan kang nganeh-anehi ana Dewa cilik menthik, gedhene mung saepek-epeke Werkudara. Dewa bajang mau wujude plek persis karo Werkudara.

    “Heh Werkudara apa kang sira upadi, ana kene ora ana apa-apa, anane mung sepi suwung”. Mangkono pitakone Dewa bajang mau. Ing batin Werkudara ngungun dene ing tengahing pulo kang sepi kathik ana bocah cilik menthik ijen urip ing kon.

“Werkudara aku ngerti apa sing ana ing batinmu, aku ngerti apa sing kok upadi, aku ngerti kabeh karo lelakonmu sarta sapa kang nurunake sira”

Werkudara ora kesamaran yen bocah cilik kang diadhepi iki or aliya Sang Ruci Bathara ya Sang Dewa Ruci ya Sang Marbudyengrat. Mula age-age Werkudara nyembah sumungkem kanthi kebak ing tata Susila matur kanthi basa krama.

“Dhuh Sang Ruci Bathara kula ngupadi dunungipun Tirta Pawitra Mahening Suci, miwah ngelmu “Sangkan paraning dumadi”

“Werkudara yen iku kang sira upadi, tumuli manjinga ing guwa garbaku liwat ing talinganku kang kering”

“Dhuh  Sang Ruci Bathara, nama aneh kula saged lumebet ing guwa garba paduka. Kula menika ageng birawa, dene paduka namung cilik menthik sajempol kula?”

‘Heh Werkudara, gedhe endi sira karo jagad? Kabeh jagad saisine kalebu samodra, gunung, lan wana bisa kamot ing guwa garbaku”

Werkudara sandika manjing ing guwa garbane Sang Ruci Bathara. Jebul ing jero rasane adhem, ayem, endah, tintrim. Ing kono Werkudara diwejang ngilmu sangkan paraning dumadi lan wejangan Pancamaya Kuwasaning Tyas. Isi wejangan Pancamaya, manungsa kaparingan Pancaindra kang pigunane dhewe-dhewe, yaiku paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa lan pamirasa. Ing jiwaning manungsa ana cahya kang mahanani hawa napsu.

  1. Cahya ireng lambange nepsu aluamah yaiku nepsu marang pepanganan.
  2. Cahya abang lambange nepsu amarah yaiku hawane kudu nesu, panasten.
  3. Cahya kuning lambange nepsu supiah yaiku hawa kesenengan, pepenginan kabungahan.
  4. Cahya putih lambange nepsu mutmainah yaiku karep tumuju tindak utama.

     Dewa Ruci sajarwa menawa satemene banyu suci perwitasari kuwi ora ana. Mula sakabehing tumindak iku kudu dipetung luwih dhisik. Migatekake pituture wong liya, apa maneh pituture wong tuwa, sanak lan kadang sing banget sutresna.  Kabeh mau supaya ora keduwung tembe burine. Marang Pandhita Durna (gurune), Werkudara aja gething. Sanajan bakal nglorobake, nanging iku dadi jalarane ketemu marang Dewa Ruci lan banjur antuk ilmu sejatine urip.

     Sawise diwejang, Werkudara kadhawuhan metu. Werkudara ora gelem amarga rumangsa enak lan kepenak ing jero anggane sang dewa. Salawase urip durung nemoni kahanan lan papan kang kaya mangkana. Bareng dielingake marang kadange Pandhawa sing padha bingung nggoleki dhewekke,Werkudara kaya kadhodhog rasa tresnane banjur metu saka karnaning sang Dewa Ruci. Werkudara kabuncang dening Dewa Ruci, among sakedheping netra wis tumeka ing Negara Ngamarta.

 
Tinggalkan komentar

Ditulis oleh pada April 8, 2020 inci Uncategorized

 

GAGASAN

 

tumpeng robyong

Tumpeng Tumpang, Ketan Lopis – Peyek Urang

Para leluhur jaman kawuri asring ngendika “Wong Jawa Anggone Semu”, lire manawa paring piwulang ora cablaka, nanging kanthi sasmita utawa simbol-simbol lumantar barang, pangan, warna, swara lan liya-liyane. Piwulang kasebut lumintu tumeka anak putu kanthi cara pakartining tumindak, lire tansah nindakake tradhisi kang ngemot sasmita kasebut.

Ing jaman saiki isih akeh bebrayan Jawa umume ing karang padesan kang isih nindakake lan nguri-uri tradhisi simbol-simbol kang awujud “olahan tetedhan” (pangan) kang ngemu surasa “panggantha utawa gegayuhan”kang awujud “tumpeng”. Tumpeng mono ora sembarang tumpeng, ananging ngemu surasa. Para leluhur nyebut tumpeng mau “Tumpeng Tumpang Ketan Lopis Peyek Urang”.

Wus kasumurupan manawa tumpeng mono tumrape wong Jawa ngemu pralampita lan tuntunaning urip  kang unine mangkene : Tumapaking panguripan, tumindak lempeng, tumuju Pangeran”. Iku kabeh manawa karingkes dadi “tumpeng”. Mula sejatine tumpeng monomujudake panggantha kang awujud donga sarta panyuwunan marang Gusti Kang Akarya Jagad supaya wong kang padha munjukake donga lan panggantha iku bisa kalis ing rubeda nir ing sambekala satemah antuk kanugrahan, sarta lumebering sihing Pangeran. Umume panganan kang awujud sega iku dikantheni ubarampe kayata: lawuh, asrep-asrepan, endhog, lan sapanunggalane.

Tradhisi Jawa kayadene wis paring sasmita utawa tetenger, manawa piwulang Jawa iku ora perlu diwulangake cablaka. Sok sapaa kang kepengin sinau lan angudi ya iku kang bakal nggayuh kawruh mau.

Mula akeh piwulang Jawa kang kawungkus adat kang prasaja lan njupuk pralambang kang ana ing alam gumelar nanging manawa diudhari ngandhut piwulang kang jero. Mung wong-wong kang Ateken tliti,tlaten lan tekun temahan bakal tekan”, lire wong kang taberi ngudi lan sregep neges wae sing bakal nyumurupi kawruhing urip kang disingitake dening para leluhur. Lumantar tembang Pocung para leluhur paring piwulang:

“Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawas kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara”.

(Ilmu iku kudu ditindakake (dipraktekake), wiwitane kudu ditandangi kanthi kemempengan, tegese ditandangi kanthi kemempengan murih agawe manungsa kuwat(santosa/teguh). Lan ilmu iku ana pigunane manawa manungsane tansah ngikis tumindak dur angkara kang ana ing dhiri pribadhine dhewe-dhewe lan ing alam bebrayan). Manungsa katuntut wasis maca alam. Landheping panggrahita gumantung ana ing tumindak, watak lan ati kang tliti-tlaten sarta kadhewasane dhewe-dhewe.

Para leluhur paring uninga manawa : “Lantiping panggrahita, landheping panyakrabawa, gumantung ana titining ati,  sumaruna bangkit nyaring sarining sasmita”. Urip iku kebak sasmita sarta lambang kang semu. Manungsa perlu sadhar menawa kurang waspada bisa tiba ing barang semu mau.

Mula para leluhur uga tansah paring pepeling manawa : “Sajroning pralambang rakitaning sastra limbang-limbangen, sing ngambang buwangen, kang cundhuk cumondhok candhinen ana ing sariranta”. Ana ing pralambang urip kang tinulis lumantar sastra perlu ditlesih. Manawa ora ana pigunane dibuwang ora dadi ngapa. Dene manawa mupangati tumraping urip becike dirumat, luwih-luwih manawa nandhes jroning ati becik dicekeli lan dibundheli pinangka gegebenganing urip murih santosa kukuh bakuh urip iki.

Tumpeng Tumpang dadi tengara pangarep-areping manungsa kudu bisa unggul uripe. Tumpeng sarta ubarampene awujud sayuran ijo, endhog sarta sambel tumpang khas saka Jawa Timur, dadi pralambang “Tumapaking panguripan – tumindak lempeng – tumuju Pangeran”. Kang dadi keblat lakuning uriping  manungsa ora liya dalane Gusti, lantaran manungsa iku urip lan nglakoni dalaning Pangeran. Supaya tumpang jayane ana ing pangulandarane urip ing donya iki perlu : “ketan lopis”. Ketan lopis, mujudake jajanan pasar kang ngandhut surasa manawa manungsa kudu tansah nengenake “gotong royong holobis kuntul baris”, nyawiji golong gilig mrantasi gawe bebarengan ngentasake ruwet rentenge bangsa lan negara kanthi temen. Karana masalah bebrayan agung iku luwih gampang manawa diatasi bareng-bareng tinimbang diatasi pribadhi lan golongan. Ana ing kene filosofi “Sugih tanpa bandha” bisa kanggo landhesan. Urip guyup rukun, saiyeg saeka kapti luwih becik lan ngresepake tinimbang urip dhewe-dhewe adhedhasar suku, golongan lan agama. Bab iki uga nduweni teges manawa jayaning manungsa iku ora kok urip dhewe, ananging luwih laras lan resep sarta mulya manawa bisa mrantasi gawe sarta ngiwakake masalah kadonyan lan nggolek dalan kang tlonjonge tumuju ing dalane kautaman manut dhawuhing Pangeran.

Peyek Urang dadi pralambang guyup rukun. Nalika isih urip ana ing banyu, urang iku uripe ijen-ijen. Ananging menawa dadi rempeyek, kudu nyawiji. Tegese manawa manungsa urip iku kudu guyup rukun ora padudon lan cecongkrahan, kaya unine pitutur “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”. Dene ubarampe diyan senthirutawa lilin kang murub padhang, tegese supaya manungsa padha paringa pepadhang marang sapadha-padhaning titah.

Ananging kabeh mau lagi panggantha sarta piwulang kang awujud panganan. Panggantha iku lagi bisa maujud manawa katindakake kanthi nyata ing bebrayan Nuswantara. Panggantha kang diwujudake ing panganan iku banjur didongani, supaya diijabahi Gusti Kang Akarya Jagad.

(Aturipun Ki Juru Bangunjiwa Djaka Lodhang 9 Agustus 2008)

Candhi-Candhi Kang Nyimpen Crita Wayang

relief ramayana-01

Manut sejarah Candhi Prambanan ing Daerah Istimewa Yogyakarta  mujudake candhi kapisan kang reliefe milih crita  wayang. Sawise iku kasusul Candhi Panataran ing Desa Panataran,  Kabupaten Blitar, Candhi Jago (Cungkup) ing  Desa Tumpang , Malang,  Candhi Tigawangi ing  Desa Tegowangi, ing Kabupaten Kediri, Candhi Surawana ing  Desa Canggu, Kecamatan Pare, Kabupaten Kediri, lan Candhi Sukuh ing  Dhusun Sukuh, Desa Berjo, Kecamatan Ngargoyoso, Kabupaten Karanganyar. Manut cakrike saka candhi-candhi mau, Candhi Prambanan nggambarake titikan kang mligi, naturalis. Dene candhi-candhi ing laladan Jawa Timur reliefe wujud pralambang (simbol) memper bleger wayang kulit.

Epos Ramayana ing relief Candhi Pambanan kagambar dadi rong candi, yaiku ana ing Candhi Siwa lan Candhi Brahma. Dene ing Candhi Wisnu njupuk crita Kresnayana. Crita Ramayana lanKresnayana iki uga dienggo ing Candhi Panataran. Yen ing Candhi Jago malah nganggo relief Ramayana, Kresnayana, Partayajna, lan Kunjarakarna (dudu carita wayang). Candhi Tigawangi lan Candhi Sukuh nganggo relief carita Sudamala kang uga denggo ing Candhi Surawana, malah ing Candhi Surawana iki katambah carita Arjunawiwaha.

Crita wayang kang tinatah ing relief-relief cadhi mau mujudake crita saka kasusastran Jawa Kuna lan Jawa Tengahan kang kondhang. Mula kena diarani nglestarekake candhi iku ora beda karo ngleluri kasusastrane, mligine crita wayang. Mula ora mokal yen pakem carita wayang kulit  utawa wayang wong kang  dienggo tumeka saiki njupuk saka pepethan relief ing candhi-candhi mau. Tuladhane Kresnayana, dadi lakon Kesna Kembang utawa Alap-alapan Rukmini. Arjunawiwaha dadi lakon Begawan Ciptoning utawa Mintaraga. Patayajna dadi lakon Babad Alas Waranawata. Ramayana dadi lakon Brubuh Ngalengka. Sudamala samengko dadi lakon Sudamala utawa ana kang ngarani Durga Ruwat. Lakon Sudamala iki lakon wayang kanggo  Ruwatan bocah sukerta saliyane Murwakala.

Crita-crita mau kena dipesthekake yen asal-usule saka kabudayan Hindu ing India. Gegambaran ing candi mau dadi bukti yen kabudayan Jawa anggone nyecep kabudayan manca kanthi kasaringla kalimbang saengga critane kayadene asli Jawa.

Epos Ramayana upamane manut gotheking crita kaangit dening pujangga Walmiki nganggo basa Sansekerta. Bareng katatah ing Candhi Prambanan tetela ora jebles karo babone Epos Ramayana Walmiki. Kena dipesthekake yen relief Candhi Prambanan mau ngenut Ramayana anggitane Yogiswara kang nggnakake basa Jawa Kuna. Sang Yogiswara pancen nggubah Epos Ramayanane  Walmiki mung dijupuk pola-polane crita. Mula kena diarani Ramayanane Sang Yogiswara iku mujudake Ramayana versi Jawa, mula ora mokal  yen karyane Yogiswara mau narik kawigatene sarjana sastra barat Dr. WF. Stutterheim lan dadi disertasine “Ramayana Legend und Ramayana Rama Reliefs in Indonesia” taun 1925. Karya sastra Jawa kang unik mau uga dijarwakke nganggo Basa Walanda dening Dr. C. Hooykaas, H Kern lan Juynboll saperlu katandhingake kari crita Ramayana asli saka India.

Candhi Jago utawa Candhi Tumpang ing Malang, senajan klebu candhi Budha ing undak-undhakan kapindho lan katelu uga nyimpen relef crta wayang. Ing undhak-undhakan  kapisan nggambarake lakon Kunjarakarna (dongeng Agama Budha). Ing undhak-undhakan kapindho nggambarake lakon Partayajna, lelakone Pandhawa nalka kabuwang ing alas 12 taun marga kalah man dhadhu mungsuh Kurawa. Relief mau kabacutake kanthi adegan Arjuna tapa ing gunung Indrakila saperlu nyuwun sanjata marang para dewa kang bakal digunakake kanggo numpes Kurawa ing perang Bharatayuda. Dene ing undhak-undhakan katelu mujudake sambunge crita ing undhak-undhakan kapindho. Ing kono kacritakake tapane Arjuna madeg Begawan Mintaraga kang bisa numpes Prabu Niwatakawaca sing ngganggu gawe Kahyangan Junggring Saloka. Crita mau kapethik saka Kakawin  Arjunawiwaha karyane Mpu Kanwa. Sakliyane crita mau ing awak candhi uga katatah crita Kalayawana kapethik saka Kakawin Kalayawanantaka utawa Kresna Wijaya.

Padha-padha candhi kang nggambarake crita wayang, candhi Jago duwe keistimewaan amarga klebu kang sepisanan nyritakake Punakawan Semar, Gareng, Petruk, Bagong, ngetutake tindake satriya.

Candhi Sukuh lan Tigawangi mujudake candhi kang nggambarake crita Sudamala sawutuhe. Sudamala klebu lakon ruwatan. Crita ringkese Sadewa ngruwat Bathari Durga. Crita iki katemokake ing sastra Kidung Jawa Tengahan (Majapahit pungkasan). Nanging yen nonton relief kang ana ing candhi Tigawangi, Surawana lan Sukuh bisa dinuga yen crita iki wis ana sadurunge Majapahit. Mula ora mokal yen crita Sudamala mau gubahan saka Kidung Sudamala jaman Majapahit.

Nyi Condrolukito Waranggana Legendaris

download

Menawa para maos wis tau menyang Desa Nandan, Sariharjo Ngaglik Sleman, sakidul Monjali , bakal mrangguli pepethan reca Nyi Condrolukito ya ing dalan iku, Saka saelore Slokan Mataram tumeka prapatan Ring Roud Monjali mujudake Jalan Nyi Conrolukito. Tumraping jagad karawitan Jawa, asma Nyi Condrolukito wis kondhang kaloka. Sauger kasebut asmane mesthi banjur kelingan  karo cengkoke Gendhing Perkutut Manggung kang pancen cengkoke khas Condrolukitan.

 Nyi Condrolukito mujudake putra putri pasangan Ngadiyem  lan Suraji, asli keturunan asal Ngayogjakarta kang lair ing Air Musi, Rejang Lebong Bengkulu. Nalika tahun 1900-an Ngadiyen lan Suraji dikirim menyang dhaerah iku minangka  tenaga perkebunan. Sakarone asring ketemu lan sarembug mbangun bale wisma. Telung taun candhake banjur nikah lan nglairake Turah ya Nyi Condrolukito.

Turah, tegese luwih utawa ngandhut kekarepan rejeki kang luwih, ayu kang luwih, sehat kang luwih lan diajab kabeh bisa luwih saka kanugrahane Kang Maha Kuwasa. Kapan tanggal, sasi lan taun kelairane ora dicathet amarga sakarone wong tuwane Turah pancen buta huruf katambah lingkungan pancen winates babagan itu.

Kurang luwih umur 8 taun, Turah lan kulawargane pindhah ing dhaerah asal, dhusun Pogung, Sinduadi, Mlati, Sleman. (Saelore RSUP Sardjito) Ing papan kang anyar iku, Suraji miwiti urip  saka wiwitan maneh. Mula anggone mapan lan mangan ya mung saanane, jalaran dhuwit kang kudune kanggo sangu urip nalika tekan Ngayogja diutang sanak sedulure. Mula Turah ora  bisa sekolah. Ewasemono wong tuwane tetep paring pitutur supaya ing tembe dadiya wong kang pinunjul salaras karo asmane.

Swara emase Turah pancen gawan bayi, swarane mligi, bening, dhuwur lan nuwuhake sreg ing ati, saengga wong-wong ing lingkungan desane padha seneng mirengake. Ing sawijining dina, Turah, 12 taun nalika ngangsu ing belik kang dumunung ing pojok dhusun Pogung, kaya adat saben sinambi rengeng-rengeng. Swarane kang kung, bening, cetha, alus lan nuwuhake rasa mligi ing ati iku keprungu salah sawijining punggawa Kraton Ngayogjakarta KRT. Jayadipura. Ora nganti seminggu candhake Turah ditimbali menyang kraton lan pinaringan wejangan.

Dening KRT. Jayadipura, Turah diparingi wejangan babagan tetembangan kang bener dilarasake karo guru lagu, guru wilangan, lan guru gatrane. Uga babagan laras, cakepan karyane para pujangga kasusra, pedhotan, andhegan lan sapiturute. Kabeh iku bisa tinampa lan apal kanthi cepet dening Turah. Malah amarga kapinterane lan bakat alame ndadekake gumune sang guru.

Amarga saka swara emas lan  kapinterane iku Turah pinaringan asma saka kraton Penilaras  dening Gusti Patih Danureja. Tegese Penilaras mono swara kang elok. Nalika iku saka palilahing Kanjeng Ratu Ayu, Turah ditampa pinangka abdi dalem jajar ing kepatihan kanthi bayar sesasine 1 ringgit utawa 50 sen. Nalika semana wong bisa urip layak kanthi standar wragat 20 sen, dadi nampa bayar semono iku pancen lumayan akeh tumrap Turah. Mula banjur dikirimake kanggo bapa biyunge ing desa.

Tahun 1934, Gusti Patih Danureja seda, sabanjure saka kersane Sri Sultan Hamengkubuwana VIII, Turah didhawuhi pindhah ngabdi ing Kasultanan, lan antuk gelar Padasih. Dadi asmane kejaba Turah uga Penilaras lan Padasih. Lan ing wektu iku uga maneka lomba kang diadani Kraton Ngayogjakarta apadene Kasunanan Surakarta, Padasih tansah menang ing lomba, nganti antuk 23 medali emas. Nanging kabeh medali emas murni iku karana kahanan didol kanggo kabutuhan urip.

Kurang luwih yuswa 17 taun, Turah ketemu sawijining nom-noman gagak pideksa baud mbeksa asmane Raden Mas Yordan, kang sabanjure kanugrahan gelar R.M Tjondrolukito, putra Pangeran Suryabranta, wayah Hamengkubuwana VII. Nom-noman iku Abdi Dalem Punakawan Bedaya kanthi pangkat Bekel Sepuh kang tugase minangka pengawal pribadi Sri Sultan Hamengkubuwana VIII. Turah kepranan atine semono uga Raden Mas Yordan.

Senajan “Tir padha irenge, sir padha senenge” nanging RM Yordan ora entuk palilah. Awit RM Yordan arep dinikahake karo putri kraton. Sawetara iku Turah nolah lamarane Adipati Semarang, alesane kepengin tetep ngabdi marang Sri Sultan Hamengkubuwana VIII. Priksa menawa RM. Yordan nresnani lan nedha ndhaup Turah mula Sang Nata duka, kang tundhone lelorone dipencilake. Lan wiwit iku asma RM. Tjondrolukito wis ora ana maneh ing ngarsane Sri Sultan.

Sawise jaman kamardikan kekarone ngrintis seni uwal saka lingkungan kraton klebu kegiyatan ing radio kanggo nyukupi kabutuhane urip lan ing taun 1955 pindhah Jakarta. Ing Jakarta panjenengane mekarake kabudayan Jawa mligine seni karawitan, lan ngedegake group karawitan “Ngesthi Budaya”.

kresna-duta

Sri Kresna Wahana Rata

Ngaglah, ngebaki alun – alun negari Wiratha, ngaglah ngebaki alun – alun nadyan saben medal dipuncariyosaken nanging boten mboseni. Punika titihan ing Dwarawati awujud kreta kencana awasta Kyai Jaladara, kreta kencana awasta Kyai Jaladara, duk ing nguni dudu gaweyaning manungsa, nanging kang yasa para dewa, nalika pandhe ana sandhuwuring garis kosmos, kandhane sing nyrita mbuh nyatane. Dening empu Ramayadi lan empu Anggajali, ora jeneng mokal lamun ingkang kinarya pirantining kreta dudu sawernaning wesi nanging wesi kang srwa pepethingan kang sarta rajaning wesi, wesi purosani, wesi mangangkang,wesi mangambal, wesi balitung,  wesi indhen, wesi sembrani kalebu besi tua

 Kreta winangun pagedhongan kanan kering mawi cendhela tinrapan kaca gedhah, linangse mawi sutra maneka warna, lamun katiyuping barat arembyak – rembyak kaya angawe – awe. Siraping kreta dudu seng, dudu kayu nanging sisike bandeng segara, marma lamun kinarya lumampah wancine bedhug tengange kasoroting bagaskara, putih memplak kaya salaka binabar. Rodhaning kreta dudu sewenehing kayu, nanging sari – sarining kayu, ingaran kayu cendhana murni, dudu sawenehing cendhana nanging sari – sarining cendhana, ora sawenehing murni nanging sari – sarining murni. Ingkang nggarap tukang kayu pinunjul dumadi saka sawenehing manungsa nanging sari – sarining manungsa. Marma kinarya lumampah ngambar arum gandane kang rodha rata nganti kaya kekonyohing para jawata.

 Ponang kreta wis rinakitan kuda catur, kuda araning jaran, catur wilangan papat, wus katarik jaran papat kang ulese abang, ireng, kuning, putih. Jaran abang saka jagad kulon paringane Sang Hyang Brama, ingkang awasta Kyai Abrapuspa daya panguwasane bisa lumebu ana ing sajroning geni ora bisa kobong ngayomi kang tiga pisan. Jaran ireng saka jagad kidul paringane Bathara Sambo kang awasta Kyai Ciptawilaha, daya panguwasane bisa ambles bumi ngayomi kang tiga pisan. Jaran kuning saka ing jagad wetan paringane Bathara Basuki kang awasta Kyai Sonyasekti daya panguwasane bisa lumaku ndhuwuring banyu, bisa lumaku ndhuwuring banyu, ora klelep, ora nglangi, ora enggak, ora teles, ora adhem, ora mangsuk angin, ngayomi kang tiga pisan. Jaran putih saka ing jagad lor paringane Bathara Wisnu ingkang awasta Kyai Sukantha, daya panguwasane bisa mabur, tan prabeda kaya ing dhedharatan ngayomi kanca rowange. Apa ta busananing kuda, apus, buntut pusparaga nganggo lapak baludru rekta rinenda jenar satebah jembare, nganggo klinthing mas sakgenthong – genthong gedhene. Marma kinarya lumampah, gumeriting rodha rata, bengingehing kuda, kemrompyonging klinthing, nganti kaya unining gamelan Lokananta, sing nabuh para dewa, pesindhene para widadari.

Sinten ta ingkang wahana rata lah punika ta sang duta agung mungkasi ingkang minulyeng jagad, narendra ing Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna. Saksana dhawuh dhateng ingkang rayi Raden Harya Setyaki, wantuning kusir taruna kang widagda mangreh lampahing kreta, dupi nampi sasmita saking ingkang raka, sami sanalika anyeblakaken sambuk, mobat – mabit, mobat – mabit kang cemethi. Yen jejeg kaya teja, yen mentelung kaya kluwung tuna dungkaping panyambuk ngengingi pok pinging kuda, sanalika jaran kirig, wulu njegrig, mripat mendelik, buntut njenthar, weteng mblendhung. Njejak bantala gumebrug swarane ndedel nggayuh ngantariksa, kaya ndaru lampahing kang rata kencana

(Pethikan Wayang Kulit Kresna Duta, Ki Narto Sabdo)

Astha Brata Piwulang Utama

7

Piwulang Astha Brata iki beda karo Piwulang Astha Brata ana ing carita wayang Wahyu Makutha Rama utawa Nalika Bharata mejang Gunawan Wibisana  ngenani jejering pemimpin anggone ngasta bawat pusaraning praja. Hastha Brata iki kasebut ana ing wasiat Cupu Manik Astha Gina, yaiku ngenani 8 pandom laku tumrape  wong Jawa, yaiku : Wanita, garwa, wisma, turangga, curiga, kukila, waranggana, lan pradangga. Dene jlentrehe mangkene:

  1. Wanita. Tembung wanita mono jarwo dhosoke wanodya kang puspita.

Tegese wanodya kang sulistya ing warna, mujudake simbol kaendahan kang ora winates. Kaendahane ora mung winates ing rupa, nanging tekan jroning ati, endah lair tumusing batin. Utawa bisa  diarani Lahang karoban manis, saengga dadi kaendahan kang sampurna. Kaendahan wanita sampurna iki dadi lambang gegayuhaning manungsa. Saben manungsa kang nduweni gegayuhan luhur diibaratake kayadene wong lanang kang kepengin nduweni wanita kang sulistya ing warna pinangka jatu kramane. Kanthi nduweni gegayuhan kang luhur mau ateges saben manungsa kudu mbudidaya kanthi sinau, nyambutgawe, lan ikhtiyar kanthi wekel ora kenal sayah lan gampang nglokro kanggo nggayuh gegayuhan mau. Wanodya kang puspita diarani juwita, jarwo dhosoke “sarju wani ditata”tegese wani mbelani ing bebener lan ora gampang nglokro

  1. Garwa, tembung iki bisa dijarwo dhosoki sigaraning nyawa

Lire garwa kakung mono pinangka sigaraning nyawa garwa putri, lan suwalike garwa putri minangka sigaraning nyawa sing kakung. Wong kang wus bebojowan iku sajiwa rong raga utawa rong awak. Garwa pinangka simbol manawa manungsa iku supaya bisa nyawiji klawan lingkungane, sedulur-sedulure, lan masyarakat kiwa tengene. Kabeh manungsa kudu dianggep kekancaning urip kang nunggal nasib, lan uga bisa urip ana madyaning bebrayan kanthi rukun lan tentrem, padha asah, asih lan asuh, antarane siji lan sijine pepindhane kaya wong bebojowan kang “sehidup semati” atut runtut  pindha “mimim lan mintuna”.

  1. Wisma, utawa omah. Yaiku papan panggonan tumrap sawijining kulawarga . Kabeh kang ana ing njero omah kasebut padha nonop angeyup saka panasing srengenge, telese  banyu udan, sarta adheme hawa wengi. Sakliyane iku omah uga nduweni fungsi kanggo nyimpen bandha apa wae kang didarbeki dening kulawarga. Pinangka papan kanggo manggon, omah tansah diata lan diatur kanthi rapi dening kang manggon, mengkono uga saben wong perlu niru marang sipate omah, yaiku bisa nampa sapa wae kang mbutuhake marang pangayomane, bisa kanggo madhahi lan ngatur kabeh prakara, sarta bisa tumindak wicaksana anggone ngatur manut kahanan, wektu sarta papan
  2. Turangga, Jarwo dhosoke tetumpakane prang para punggawa

Jaran utawa kuda tetumpakan  perang para prajurit iku nduweni sipat gagah, kuat, lan lincah saengga bisa mlayu banter utawa rindhik, bisa mlumpat, ngguling-ngguling manut prentahe kang nunggangi lan uga bisa nglumba lan nrajang apa wae kang dadi pepalang kang ana ing ngarepe. Polahe kuda tumpakan para prajurit perang iku pinangka pralambang napsu jasmani manungsa, supaya manungsa iku kudu tansah nglenggana menawa jasmani, pacadriya, lan napsu manungsa iku tansah dikendhaleni dening jiwa lan budi luhuring manungsa. Jiwa lan budi kudu bisa nguwasani lan ngatur nafsu jasmanine manungsa, saengga manungsa bakal bisa urip kanthi tentrem. Ananging manawa manungsa ora bisa ngatur, ngendhaleni hawa napsune mahanani uripe bakal bubrah tanpa guna.

  1. Curiga, Jarwo dhosoke curi lan raga

Curi mono tegese watu kang lancip kang banget mbebayani tumrap jasmani utawa awake manungsa menawa digunakake kanthi kleru . Ananging manawa digunakake kanthi samesthine, kanthi bener lan pener malah bisa ngayomi manungsa saka sakehing bebaya. Curiga uga sinebut keris. Keris iku digunakake pinangka gegamane para raja lan satriya ana ing olah kridhaning perang utawa gladhen perang. Keris iku uga pinangka simbol kapinteran, keuletan, lan ketrampilan. Manungsa anggone ngadhepi tantangan urip perlu tansah nggunakake pikiran kang lantip, mental kang ulet, sarta sikap kang trampil trengginas saengga bisa ngadhepi kahanan kanthi pas lan ora gampang diapusi dening sapa wae.

  1. Kukila, utawa manuk perkutut

Wong Jawa jaman biyen umume nduweni kesenengan ngingu manuk perkutut, pamrihe bisa dirungokake anggunge kanggo nglelipur ati. Anggunge perkutut kang “kung” kanyata bisa mahanani senenging ati sok sapaa kang ngrungokake. Anggunge  manuk perkutut kang “kung” iku minangka simbol swarane manungsa kang nduweni budi luhur. Manungsa diajab bisoa celathu kang kepenak dirungokake, ora natoni atining liyan. Sadhengah kan diucapake supaya terang trewaca, mentes, lan bisa dimangerteni dening kang diajak wawan rembug, satemah angenakaken tyasing sasama.

  1. Waranggana, ana kang ngarani Ronggeng

Waranggana utawa ronggeng mono wanita kang njoged ana ing panggung kang dikubengi dening penonton (pengibing). Sawijining penonton (pengibing)  kang ketiban sampur kudu melu njoged manut iramane ronggeng, supaya ronggeng ora mengo marang penonton (pengibing) liyane. Jalaran yen ora mangkono si ronggeng mau bisa kagodha dening pengibing priya papat cacahe kang ngiringi ana ing sakiwa tengene ronggeng mau. Joged ronggeng iku pinangka simbol manawa manungsa iku nalika nduweni gegayuhan kang luhur tansah ana godhane. Wondene panggodha kang ana ing uripe manungsa iku ana patang prakara, kang dilambangake pengibing priya cacah papat, yaiku sepisan napsu amarah kang metu saka kuping utawa pangrungu. Kapindho napsu  aluamah, napsu kang metu saka tutuk utawa kanikmatane rasa utawa srakah. Katelu, napsu supiah, napsu kang metu saka mripat utawa pandeleng. Kapat napsu mutmainah, yaiku napsu kang metu saka irung utawa pangganda. Manawa manungsa bisa ngendhaleni napsu patang prakara iki, apa kang ginayuh bakal katekan.

  1. Pradangga, jarwa dhosoke praptaning kendhang lan gangsa

Saperangkat gamelan dumadi saka: kendhang, gambang, gender, slenthem, demung, saron, rebab, suling, kenong, kempul, lan gong. Saben ricikan mau ditabuh dhewe-dhewe bakal ngetokake swara kang beda-beda, saengga menawa ditabuh bareng tanpa aturan, tanpa laras bakal ngetokake swara kang ora karu-karuwan lan ora kepenak dirungokake. Ananging menawa ditabuh kanthi wirama lan pathet kang gumathok, bakal ngetokake kang laras , harmoni sarta kepenak dirungokake.

Saperangkat gamelan mau sejatine pinangka simbol saka sawijining masarakat kang dumadi saka mayuta-yuta manungsa kang nduweni sipat, watak lan kekarepan kang beda-beda. Manawa saben wong nuruti karepe dhewe tanpa aturan kang baku, ndonya bakal kaco sarta rusak. Nanging suwalike manawa kabeh manungsa padha urip kanthi tumata lan manut aturan kang baku lan kabeh padha nyumbangake kapinterane kanggo majune masarakat, tundhone negara bakal tata titi tentrem karta raharja. Mula falsafah pradangga ing wektu iki kiraku jumbuh karo semboyane negara kita “Bhineka Tunggal Ika, tan Hana Darma Mangrwa”kang ing wektu iki menawa ora diwaspadani bakal rowak-rawik amerga ana pehak-pehak kang pancen ora seneng marang ke-Bhinekaan.

LEADERSHIP ASTHABRATA

krisna18

Kepemimpinan (leadership) minangka perangan wigati kanggo mujudake peradabane bangsa supaya bisa luwih maju. Sarat baku kanggo maujudake kepemimpinan sing becik kanthi cara weruh lan mangerteni etika kepemimpinan. Indonesia nganti jaman saiki isih diadhepake krisis maneka bidhang, wiwit ekonomi, politik, budaya,kasarasan , lan kamanungsan sing tumekane gilir-gumanti. Salah sawijine krisis sing paling katon yaiku krisis kepemimpinan. Kahanan kepemimpinan ing Indonesia saya suwe saya mirisake. Watak, wantu, lagu, lan lageyan para pemimpin ing jaman modern iki akeh sing kurang prayoga malah nuwun sewu padha darbe sipat “Sengkuni”. Ingatase padha-padha nduweni kalungguhan utawa kepengin nggayuh kalungguhan, nanging kanthi cara-cara kang nalisir saka etika lan padha ngrusak saka buri.
Para kawula ing wektu iki kliwat angel menawa nggoleki pemimpin sing wicaksana, ngabdi marang rakyat sarta merakyat lan trep klawan budayane bangsa Indonesia malah yen bisa kaya kekidungane para dhalang yaiku pemimpin kang “adil paramarta, berbudi bawa leksana, memayu hayuning bawana”. Mula saka kuwi, weruh lan mangerteni konsep kepemimpinan tradisional Jawa sing ngandhut piwulang moralistik dirasa dibutuhake. Piwulang moralistik ngenani prinsip kepemimpinan sajrone tradisi Jawa diandharake ing maneka reriptan kasusastran, salah sawijine yaiku ana ing piwulang Asthabrata.
Piwulang Asthabrata iku ana ing siklus carita Ramayana tinemu nalika Ramawijaya paring pitutur marang Bharata nalika ngganti jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana nalika dadi nata ing Alengka utawa Singgela sawise surude Prabu Dasamuka. Dene ing siklus Bharatayuda tinemu ing Lakon Wahyu Makutharama, yaiku nalika Begawan Kesawasidi (Kresna) mejang Arjuna ngenani sesanggeman sarta kwajibane ratu (pemimpin) marang kawulane. Piwulang iki bisa minangka pandom,  dene wosing piwulang  pemimpin kudu mengkoni lan nuhoni watake dewa  8 sarta 8 sipat unsur alam. Tembung Asthabrata saka tembung “astha” kang  tegese wolu, lan “brata” tegese laku. Dene jlentrehe mangkene:
1. Surya utawa srengenge
Srengenge iku ora pilih kasih, kabeh sing ana ing alam donya diwenehi cahyane, diwenehi panguripan. Srengenge ora molah-malih tansah jumedhul ing sisih wetan lan angslup ing sisih kulon. Ateges dadi pemimpin kudu adil, ora pilih kasih, ora mbau kapi, aja emban cindhe emban siladan, aja gampang molah-malih panemune, esuk dhele sore wis dadi tempe, tansah teteg lan nuhoni marang sakabehing ucape, supaya andhahane ora dadi bingung. Ora gampang cidra ing janji kaya nuhoni sabda pandhita ratu, sakabehing parentah lan ucap tan kena wola-wali.
2. Candra utawa rembulan
Rembulan mono maweh pepadhang jroning ratri. Padhang jingglang sorote maweh daya adhem lan jinem nanging uga dadi cecoloking laku. Aja mriksani para kawula amung sarana swasana kang padhang, nanging jroning peteng uga gagapana, endi sing marakake dadi pepeteng sirnakna sarana sengseming rasa adhedhasar gelem kurban kang sepi ing pamrih, rame ing gawe. Kanthi mangkono , pemimpin iku kudu paring pepadhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine), kaya rembulan madhangi jagad ing wayah wengi.
3. Sudama utawa lintang
Lintang pinangka rerengganing akasa ing wanci ratri . Lintang bisa kanggo pandom tumrap para among tani sarta misaya mina, sunare pating galebyar. Kabeh mau menehi pralambang manawa pemimpin dadia lintang sing tansah menehi sesuluh marang andhahane, bisa membat mentul pamikire trep karo kahanan, alus budi pakartine landhep panggraitane, njunjung sesanti Ing ngarsa sung tuladha, bisa kanggo patuladhan para andhahane, ora seneng pamer, lelemeran, ngumbar tetembungan sing bisa nuwuhake congkrah wong siji lan sijine.
4. Himanda , mega utawa mendhung
Mendhung bakal nuwuhake udan ing ngendi wae, ora milih papan sing dhuwur lan sing cendhek, sing subur utawa sing bawera. Pemimpin kudu bisa paring dalan tumujuning kamulyan lan katentreman para kawulane, adil paramarta, kersa paring ganjaran marang sapa wae sing bisa gawe tentrem lan pinunjul ing samubarang karya, uga paring paukuman marang sapa wae sing pancen luput, tanpa pilih sanak kadang, wong cinaket lan kudu bisa mbedakake wong sing api-api tresna lan wong sing pancen gelem bela lair lan batine. Aja gampang kegiwang dening tetembungan becik ing laire, sebab kabeh mau bisa dadi racun.
5. Bumi utawa lemah
Lemah iku tansah dedana lan gawe bungahing manungsa. Sanajan diidak-idak sawenehing titah, dipaculi malah kadhang kala dirusak, lemah ora tau serik, ora sambat nanging malah dadi sumbering panguripaning titah ing ngalam donya iki. Tegese pemimpin iku ora gampang nesu, menawa diwenehi panyaruwe utawa kritik lan pamrayoga/saran, nanging pemimpin kudu sabar kaya dene lemah. Kajaba iku pemimpin kudu seneng weweh marang sok sapaa wae, marang wong sing diayomi, ora cethil, ora owelan, kudu ikhlas lair lan batine. Saengga wong sing ana sakiwa tengene rumangsa antuk panguripan saengga dadi tentrem uripe. Uripe bisa migunani wong liya. Sabecik-becike wong urip, yen bisa migunani uripe kanggo wong liya.
6. Dahana utawa geni
Watak iki ana sambung rapete karo kawibawan. Pemimpin kudu bisa aweh pepadhang marang andhahane utawa sapa wae sing lagi nemu reruwet kanthi ati sing sareh lan pangarah-arah. Yen ana sing kemeren saengga ndadekae kaduk wani kurang deduga, drengki srei, jegal-jegalan ing antarane siji lan sijine, pemimpin kudu bisa ngrampungake nganggo kawibawane, ndandani tumindak kang nistha, njejegake bebener. Ora mung bisa ngluputake nanging kudu bisa menehi tuladha sing bener lan utama.
7. Tirta utawa banyu (samodra/segara)
Watake banyu iku tansah adhem, mili mangisor uga dadi sumbering panguripan. Tegese dadi pemimpin kudu bisa ngayomi andhahane, satemah andhahane rumangsa ayem, adhem, lan tentrem. Kajaba iku solah bawa, muna-muni tansah angenaki ati, kudu duwe ati segara ora gampang nesu yen kacenthok tembung sing ora cocog karo kekarepane, ora gampang srengan marang andhahane, bisa momot lan kamot. Menawa ana prekara kudu ditlusur luwih dhisik, aja gampang nibakake pangancam marang wong sing dianggep luput. Kudu bisa milahake tumindak nistha, madya lan utama kanthi pikiran kang wening.

8. Maruta utawa angin
Kaya wataking angin alon-alon rinasa sumilir. Ora kawistara tansah ngawat-awati sakabehing tumindake andhahane. Nanging yen bisa aja nganti andhahane rumangsa yen diawat-awati, yen cubriya ya aja dikaton-katonake saengga andhahane dadi ora jenjem anggone nindakake pakaryan. Pemimpin kudu bisa manjing ajur-ajer. Aja mung ngawasi andhahane sing tumindak luput ( miturut dheweke ) ngelingana menawa manungsa iku tansah kanggonan luput lan lali . Yen ana andhahan sing parawadulan, kudu ditlesih lan dititi priksa luwih dhisik. Manawa ana sing kaanggep luput wenehana pangapura kanthi legawa, bebasan sing jembar segarane.

(Saka maneka warna sumber ; Foto Ilustrasi : Bagawan Kesawasidi memberi wejangan Hastabrata kepada Arjuna yang merupakan perwujudan dari Wahyu Makutharama (karya Herjaka HS 2008) Wayang Indonesia Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity)

 

UPACARA NGABEKTEN ING KRATON NGAYOGJAKARTA

travel.tempo.coreadnews

                                                              Foto :travel.tempo.co/read/news/
Upacara Ngabekten ing Kraton Ngayogjakarta mujudake salah sijining tradhisi kang ditindakake setaun sepisan ing tanggal 1 sawal. Ngabekten minangka ngungkap rasa bekti antarane kawula marang ratu gustine, utawa abdi dalem marang Ngarsa Dalem, ing sajroning sasi Sawal, kanthi ngaras jengku (ngambung dhengkul.
Wektu upacara Ngabekten ing Kraton ngayogjakarta kapilah dadi rong perangan, yaiku jam wolu esuk tumeka jam sewelas awan, tumrap abdi dalem asipat bupati. Dene wanci jam siji awan tumeka rampung, tumrap abdi dalem kang pangkat wedana. Kang kalebu abdi dalem sipat bupati, yaiku abdi dalem kang pangkat kalungguhane pangeran sentana kang sesebutane kangjeng Pangeran Harya (KPH), bupati nayaka kang sesebutane Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), bupati sepuh utawa bupati kliwon kang sesebutane Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), bupati sesebutane uga Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), bupati anom sesebutane uga Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), lan riya bupati anom sesebutane raden riya utawa mas riya. Dene abdi dalem Kraton Ngayogjakarta ana rong perangan, yaiku abdi dalem punakawan lan abdi dalem kaprajan. Upacara ngabekten mapan ing Bangsal kencana kraton Ngayogjakarta.
Busana kang diagem Ngarsa Dalem utawa Sultan wektu upacara Ngabekten yaiku busana kejawen mataraman. Dene para abdi dalem ngagem atela putih, utawa beskap putih mawa tandha pangkat miturut kalungguhane. Tandha pangkat kasebut mapan ana ing perangan ugel-ugel lengen atela sisih kiwa lan sisih tengen, wujud ukelan kang disebut “Ters”
Lakuning upacara Ngabekten kawiwitan kanthi miyose Ngarsa Dalem saka Praba Yeksa kairing gendhing Prabu Mataram laras slendro lan ladrang Raja Manggala laras pelog kang katabuh bebarengan kanthi wirama soran. Gendhing Ladrang Prabu Mataram lan Ladrang Raja Manggala iku mujudake gendhing pakurmatan tumrap miyose Ngarsa dalem ing sajroning upacara. Sawuse Ngarsa Dalem lenggah, upacara Ngabekten tumuli kawiwitan. Para abdi dalem banjur maju kanthi urut saka abdi dalem kang pangkat lan kalungguhane paling sepuh, yaiku pangeran Sepuh (KGPH) kasusul dening para pangeran lan kasambung dening pangeran sentana, bupati nayaka, bupati kliwon, bupati anom, lan riya bupati anom.
Para abdi dalem kang bakal ngabekti iku kawiwitan kanthi nyembah banjur nyopot dhuwung kang disengkelit ditinggal ing papan palungguhane. Dene sawuse tekan Bangsal Kencana kanthi lampah pocong utawa nglasut. Sawise tekan ing sangarepe Ngarsa Dalem banjur nyembah lan ngaras jengku. Sabubare ngaras jengku banjur nyembah lan mundur watara telung jangkah, nyembah maneh tumuli bali tumuju papan palungguhane sekawit kanthi lampah pocong lan lampah dhodhok kaya nalika maju sekawit. Satekaning papan palungguhan sekawit tumuli nyengkelit dhuwung kang sabanjure mapan lungguh maneh. Dhuwung, utawa keris tumrap abdi dalem Kraton Ngayogjakarta mujudake tandha pangkat kalungguhan, awit ana abdi dalem kang durung wenang ngagem dhuwung utawa keris.
Abdi dalem kraton Ngayogjakarta kang wus dikeparengake ndherek Ngabekten, yaiku abdi dalem kang duwe pangkat kalungguhan paling cendhek utawa wedana. Dene sangisore wedana isih akeh abdi dalem Kraton Ngayogjakarta kang duwe pangkat kalungguhan, yaiku panewu, lurah, ngabei, bekel, lan abdi dalem kang durung duwe pangkat kalungguhan yaiku jajar. Para abdi dalem kasebut senajan durung dikeparengake ndherek Ngabekten, nanging dikeparengake ndherek sowan palataran, kanthi ageman klambi kurung utawa pranakan lurik warna biru tuwa.
Upacara Ngabekten ing Kraton Ngayogjakarta nganti saiki isih katindakake, nanging ora ateges kraton Ngayogjakarta iku nglestarekake faham feodalistik, nanging kanggo nguri-uri adat kabudayan Jawa kang adiluhung warisaning para leluhur kang mujudake kapribadening bangsa. Jalaran adeging Kraton Ngayogjakarta ing jaman saiki wus ora mujudake punjering paprentahan negara, ewa semana isih dadi punjering kabudayan Jawa kang prelu dipepetri. Mula adeging Kraton Ngayogjakarta kang dumadi saka Ngarsa Dalem, para sentana dalem, abdi dalem iku mujudake saka guru, pilar-pilar lan tonggak tumrap kabudayan Jawa. Dene anane abdi dalem kraton Ngayogjakarta ing jaman saiki ora ateges ngabdi marang ratu, nanging ngabdi marang kabudayan Jawa
SUMBER WACAN
Sempulur, No. 04/1/2002
Mas Fredy Heryanto. 2005. Mengenal Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat. Yogyakarta: Warna Grafika.

KERIS NGEMU SURASA CEKELANE URIP

Parung Sari Gajah Singo Mataram 1

Ana ing kabudayan Jawa, keris nduweni kalungguhan kang kinurmat, dudu gegaman rucah, remeh, utawa wantah. Sanjata tusuk iki nduweni wangun lan kaendahan pamor kang ngedab-edabi. Keris uga dadi sarana ganepe budaya spiritual. Ing jaman kawuri, ing madyaning bebrayan Jawa tradisional malah ana penganggep kalamun sawijining priyayi Jawa durung diarani sampurna menawa durung nduweni limang perkara yaiku : Curiga, Turangga, Wisma, Wanita, Kukila.
Curiga, tegese keris tembunge liya dhuwung, wangkingan yen basa kawi katga. Turangga, tegese kuda, titihan utawa jaran yen ing jaman saiki kendharaan. Wisma, tegese omah; wanita maknane garwa utawa bojo. Kukila tegese lugu manuk oceh-ocehan, manawa jaman biyen manuk perkutut, mula ora aneh banjur ana gendhing “Perkutut Manggung”. Maksud tembung simbolik “manuk” mono satemene tumrap priya Jawa tradhisional kudu bisa nangkep sarta ngrasakake kaendahane olah seni utawa nduweni sikep apresiasi marang seni.
Curiga, utawa keris, mujudake lambange priya kang dewasa sarta sentosa amarga uwis landhep lan lantip panggrahitane. Priya Jawa tradhisional kudu : tanggap, tangguh, tanggon, tanggung jawab lan kuwawa ngayomi dhiri pribadhine, kulawarga, nusa lan bangsane.
Ing jaman krajan kawuri, tandha mata kang dhuwur dhewe pengajine iya keris. Bebungah kang banget diantu-antu tumrap para prajurit, perwira sarta abdi dalem iya keris. Awit keris bisa kanggo nitik tataran pangkat lan drajate para prajurit, perwira sarta abdi dalem. Keris kang diagem dening para sentananing ratu mesthi wae beda karo sing diaanggo dening para prajurit, abdi dalem, perwira. Sing beda ora ngemungna wilahane nanging uga ricikane keris, rerengganing keris nganti jejangkepe keris, malah anggone nganggo wae iya beda.
Tataran kepangkatan kang nduweni keris uga bisa dititik saka warangka keris. Warangka keris kang diagem ratu, mesthi wae beda karo warangka kang dienggo tumrap tataran sangisore. Tumrape satriya, kang kalumrah nganggo warangka gagrag kasatriyan. Para punggawaning praja biyasane uga yasa warangka kadipaten. Ana kurang luwih 25 wujuding warangka ing jaman kawuri. Lan warangka iku uga kena kanggo titikan tataraning pangkat kang kagungan. Kepara wewengkon asale keris uga bisa katitik saka warangkane, apa sing kagungan saka Ngayogyakarta, Surakarta, banyumas, Jawa Timur, Madura utawa Bali.
Salah sawijining “keunikan” keris dumunung ana ing ricikane kang ngremit. Awit kabeh gegambaran utawa pralambang ana ing keris (wilahane, warangka, utawa prabote kabeh ngemu pralampita utawa teges dhewe-dhewe).
Saka ukiran utawa deder utawa gagange keris, wus bisa kawruhan tataran pangkat kang kagungan. Tumrap bebrayan Jawa Ana rong gagrag ukiran keris kang manjila yaiku gagrag Surakarta lan gagrag Ngayogyakarta. Saliyane iku uga ana gagrag warangka utawa ukiran njaban rangkah Jawa, kayata Madura, bali, Lombok, sulawesi lan Melayu.
Ing wewengkon Kraton surakarta ing kaman kawuri ana ukiran tungggak semi gagrag paku Buwono utawa Yudowinatan kang mligi diagem dening Ingkang Sinuwun. Pendhok utawa sarunge wilah kanthi werna kemalo abang, ijo soklat lan ireng uga kena kanggo nitik tataran pepangkatane kang ngagem. Kemalo werna abang mligi kagem Ingkang Sinuwun lan sentana utawa saora-orane nayaka praja pangkat bupati. Kemalo werna ijo kanggo para nayaka mantri. Kemalo werna soklat kanggo para bekel utawa administatur madya sapengisor. Dene pendhok ireng diagem para abdi dalem, utawa para kawula cilik.
Ana uga tuladha sawene abdi dalem utawa kawula cilik kang entuk ganjaran utawa paringan saka raja amarga saka labuh labete kang gedhe tumrap negara awujud keris kanthi tinatah mligi. Sawijing tuladha keris kanthi ganja kinatah emas mawa “Kinatah Gajah Singa”, iku paringan Ingkang Sinuwun Sultan Agung Hanyakra Kusuma marang para perwira kang wus kasil numpes Pemberontakan Pragola saka tlatah Pati Pasantenan.

Cara-membawa-Keris

GAMELAN, DHALANG, WAYANG

gamelan

Gamelan

Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe jaman Demak. Ana maneh sing ngendika gamelan lan seni nggamel iku tuwuh jaman Majapahit, jamane Patih Gajah Mada lan rajane. Yen nlusur sarana nitipriksa gamelan kang ana saiki lan sing kalebu gamelan tuwa. Kaya-kaya gamelan sing diarani tuwa dhewe iku, jebule isih kalebu enom , jalaran jaman kuna uga wis ana gamelan. Yen macani prasasti cathetan kuna, candhi-candhi sing umure atusan taun, ing kono bisa katitik anane jeneng-jeneng ricikan gamelan saiki. Uga kalebu buku-buku utawa layang-layang kuna karanBalitung, raja Mataram Kuna, tinulis istilah “padahi”, kang dikarepake tabuhan kang aran “kendhang, tambur, terbang gedhe” . Ing layang kang isi crita tokoh-tokoh Mahabarata sing karacik nganggo basa Jawa kuna, uga tinemu araning tetabuhan kang saiki klebu ewoning gamelan. Crita Mahabarata Jawa kuna ditulis nalika sugenge Prabu Darmawangsa (taun 990 – 1007), raja kedhiri uga akeh tembung araning gamelan kang tinemu ing layang kang ditulis jamane Prabu Erlangga (1019-1042), Prabu Warsajaya (1104), Prabu Jayabaya (taun 1130 – 1160), raja Kadhiri, jeneng unen-unen utawa gamelan iki kayata: beri, curing (klinthing, lonceng cilik), garantung (gambang), gong, gubar (kempul), kangsi (rebab), kemanak, kendhang, ronji(angklung), salukat (saron peking), salunding (gender), suling, tudhung (suling gedhe).

Istilah gamelan asale saka tembung “gamel” (Jawa kuna), tegese “cekel”. Mbokmenawa amarga sawise ditabuh (dithuthuk) banjur dicekel (dipekak) kaya yen nuthuk saron utawa slenthem, barang iku suwe-suwe katelah “gamelan”. Istilah Jawa kuna-ne “tabeh-tabehan”, lan ana manes istilah “tamara”. Tembung “tamara, tamra”, Jawa kunan-ne ateges “tembaga”. Gamelan iku biyen-biyene kagawe saka “tamra” (tembaga). Ana maneh gamelan kang digawe saka kuningan, basa Sansekerta-ne “kamsa” owah dadai “gangsa”, kang sabanjure dadi tembung kramane (dasanamane) tembung “gamelan”. Ana maneh istilah “pradangga” tumrap gamelan. Basa Jawa Kuna-ne “mredangga”, yaiku araning tabuh-tabuhan kang memper kendhang gedhe, tambur.

Wayang

wayang

Ora biyen ora saiki, gamelan ana gandhenge karo kesenian wayang, karawitan, niyaga, sindhen, lsp. Tembung “wayang, ringgit” wis ana wiwit jaman kabudayan kuna. Ing layang Ramayana ing kono ana istilah “mawayang, angringgit”, tegese “mayang”. Sing sok mayang sebutane “widu”. Kajaba mayang widu uga bisa nggamel lan ngidung (nembang). Sing gawene mayang saiki diarani dhalang. Istilah dhalang wis tinemu, apese wiwit jaman Kedhiri, kamot ing layang Kresnayana, katulis jamane Prabu Warsajaya. Istilah “dhalang” iku jenenge abdine Bima, kasebut ing layang Nawaruci (jaman Majapahit). Abdine Bima ana loro, yaiku Semar lan Dhalang. Abdi iku kuwajibane momong Bima lan nyathet piwulange para resi gurune Bima.

Ing layang Arjunawiwaha, karangane Empu Kanwa, jamane Airlangga (1019 – 1042), tinemu syair Jawa kuna kang diarani “kakawin”. Ing sajroning kakawin sapada ngandharake mangkene : “Ana wong padha nonton wayang (ringgit), padha nangis lan sedhih. Wong-wong iku ora ngerti (rumangsa), manawa wayang iku mung wujud lulang diukir, bisa obah lan guneman. Ora ngerti obah lan gunemane iku mung semu”. Ing layang Sumanasantaka karangane Mpu Monaguna, nalika jamane Prabu Warsajaya, raja Kadhiri, nyaritakake nalika Pangeran Aja (putra raja Ayodya, bapakne Dasarata, embahne Rama) kawisudha, wong-wong kang padha rawuh ing panggung jumeneng kaya wayang dijejer (disimping).

Pangripta layang Jawa kuna kang mawa irah-irahan Partayadnya, isine nyaritakake Arjuna mangkat lumaku menyang pertapan ing guwa kang dumunung ing gunung Indrakila, nyritakake pasawangan ing alas: Wit-witan jejer-jejer, sinawang kaya gelaring wayang, langit minangka kelir, srengenge minangka blencong, angin sing ngobah-obahake.

Niyaga, Karawitan, Sindhen

yaga

Istilah “niyaga” sakawit ateges “panggamel”, wong sing nabuh gamelan. Tembung “niyaga” utawa “nyaga”, tegese “panuntut laku”, “panganjur” (L. Mardiwasita), “sing main gamelan” (Prof.Dr. P.J. Zoetmulder). Tembung “niyaga” saiki owah dadi tembung “wiyaga”, sing tegese “panabuh gamelan”

Tembung “karawitan” Jawa kuna asale saka tembung “rawita”. Tembung “rawita” asale saka wod “raw”, tegese “ywara, muni”. Dadine tembung “rawita” tegese nyawa utawa muni uga. Saiki dadi istilah “karawitan” Jawa anyar, kang karepe ngemu teges “samubarang kang magepokan karo seni swara”, mligine swaraning gamelan.

Istilah “gending utawa ganding” (diwaca: “gendhing”), uga wis tinemu ing prasasti kuna, lan buku-buku Jawa kuna. Dene “gending” iku sawijining piranti (instrumen) kang muni sarana dijimpit driji utawa dimainake dening tangan. Mula ana istilah “ganding rawanahastha” , “tegese gendhing muni karana tangan” Lan Gendhing Rajaswala. Saiki akeh banget araning gendhing kang sesambungan karo unining gamelan.

Tembung “sindhen”, Jawa kuna “sindhen”, asale saka tembung “sindhi” oleh panambang –an. Tembung “sindhi”, tegese “pasemon”, Indonesiane “sindiran”. Sindhen Jawa kuna cakepane isi pasemon lan dhapur kakawin utawa saloka (seloka/sloka) isine memper karo paribasan, bebasan, saloka, lsp.

Ing basa Jawa kuna uga ana istilah “uyu, manguyu”, tegese “muni sing ora ana lerene”. Upamane swaraning kombang, mbrengengeng ora ana pedhote. Ing jaman saiki ana pahargyan manten uga asring keprungu “gendhing manguyu-uyu” kanggo ngurmati rawuhe para tamu.

Kanthi landhesan kang kabeber ing ngarep, bisa dijupuk dudutan : Ing kabudayan Jawa kuna wis dikenal anane piranti (instrumen) kang saiki diarani “gamelan” Budaya pawayangan uga wis ana, lan pakelirane. Saperangan istilah kuna teka saiki isih urip.

ETIMOLOGI TEMBUNG MANTEN

man

Aja maneh kok wong umum, wong sing ora pati dhong ketha-kethune wong mantenan. Klebu tamu-tamu sing mung rawuh jagong, absen, kithing-kithing ngasta kadho, dhahar, terus kondur. Bubar salaman karo mantene, njur byur-nyebar menyang daleme dhewe-dhewe. Apa hikmahe jagong manten, ora dibundheli. Ora ana sing nyanthel babar pisan. Paling mung kelingan mantene mau jian ….. uayu, lan baguse uleng-ulengan. Wis! Mgono iku lumrah, selagine kang duwe gawe mantu bae durung karuwan menawa damang surasane “manten”

Malah kepara tukang ular-ular manten, sa-MC-ne pisandurung mesthi bisa ngudhari kanthi gamblang tegese “manten”. Akibate ora mokal yen mantene dhewe uga “Jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon, alias babar blas ora dhong”. Kaladuking panemu, lha wong sing tau dadi manten wae ora ngerti maknane istilah “manten”, apamaneh wong kang durung dadi manten. Tembung “manten” ana sing negesi kanthi jarwa dhosok “teman (kanca) sing dienteni. Teman mono karepe kanca urip. Urip bebrayan sing tansah dianti-anti. Kanca urip bebrayan durung dianggep sah yen durung dadi manten. Mula wis samesthine yen manten antuk kalungguhan istimewa ing jagading urip bebrayan, omah-omah. Malah swargi Mukidi Adisumarto dhosen Basa Jawa IKIP Yogyakarta (saiki UNY) paring pratelan menawa manten kuwi klebu salah sijine prastawa urip kang wigati. Amarga klebu prastawa kang “aji”, banjurana kang duwe panemu manten mono minangka “galenganing urip” (watesing urip/batas hidup). Dadi lantaran manungsa anggone bakal mlangkah marang donya sabanjure.

Van Gennep ing buku “Les Rites de Passage” (Jaya Baya nomer 20, 1990) mratelakake : Ing urip bebrayan kuwi ana lelakon kang diarani “rites de aggregation”, ”Upacara miwiti urip anyar”, kayata manten. Dadi bisa dipahami manawa urip sadurunge dadi manten, kalebu tataran urip lawas. Lire urip sing isih gumantung marang wong liya, yaiku wong tuwa. Dene urip sawise dadi manten klebu urip anyar, lire kudu bebadra dhewe, urip mandireng pribadi, urip anyar kang kebak tantangan abot.

Manten uga kena diarani “srana mlangkah urip kang kukuh bakuh” Urip sentosa, ora gampang katrejang angin, bebasane. Jalaran madeging bale wisma dilambari pangiket talining katresnan. Bab iki laras karo firman Allah SWT ing Surat Adz Dzaariyaat ayat 58 :

q Innallaha huwar razzaku zul kuwwatil matin(matinu). Satemene Allah SWT iku dzat kang paring rejeki sing duwe kekuwatan pengkuh bakuh, santosa [QS. ADZ DZARIYAT 51:58] Landhesan ayat ing dhuwur, bisa dinuga yen tembung “manten” iku ingsetan saka basa Arab “matiin”. Kajaba iku, S. Prawiroatmodjo ing Kamus Kawi Jawa, mratelakake tegese tembung “anti” (diarep-arep/ dienteni) lan tembung “antya” (kaluwih-luwih/banget). Manawa istilah “manten kuwi kapirid saka tembung “anti” lan “antya” kirakku ya ora adoh banget. Amarga jejering manten iku tansah banget dienteni, diantu-antu dening sapa bae.

Prof. S. Wojowasito ing Kamus Kawi – Indonesia negesi tembung kang memper karo “manten” yaiku “mantwa, mantya, mantyan” sing tegese: “sateruse”, karepe manten kuwi kanggo urip salawase, yaiku urip ing donya tekan akherat, kaya yen ana ing jagading pakeliran prasapane Dewi Setyawati marang Prabu Salya ya Narasoma anggone nglabuhi tresna saka donya prapteng delahan. Tembung telu mau uga cedhak karo seratane WJS Poerwadarminto ing Bausastra Jawa, kaca 183 yaiku tembung : “kamantyan, kang mingsed dadi “kemanten”. Tembung “kamantyan” mono dumadi saka tembung “kama + antya + an. “Kama”, tegese tresna (love), “antya”, tegese pungkasan utawa kaluwih-luwih. Gerbane “kamantyan” duwe surasa “tresna kang pungkasan, tresna kang kaluwih-luwih”

Wong kang mantenan asring disebut duwe gawe “mantu”. Durung ana alesan sing pas bab hubungane istilah “manten lan matu”. “Mantu” bisa ditegesi kanthi jarwo dhosok: sing dieman-eman wis metu. Lire ing jaman biyen bocah wadon iku disengker utawa dipingit, bareng uwis dadi manten lagi oleh metu. Manawa tembung mantu lan manten digathukake, katone ngemu surasa menawa manten kuwi pinangka sarana ngluwari sengkeran kanggo nempuh brayat anyar, nempuh urip salawase, sateruse. Mung wae teges ngono mau isih dhapur gagap-gagap. Kiraku isih ana surasa kang luwih trep lan mathis. Sapa kang bisa ngudhari? Perlu lho, kareben calon manten, mantan manten, tukang ular-ular, lan MC dhong tenan. Wasana, “Dadi manten iku seneng, nanging aja seneng dadi manten”

PELEPASAN SISWA KELAS IXIMGP1281IMGP0241image201205250001monas 1pantai10

Apresiasi Tembang Macapat

Apresiasi Tembang Macapat

 
4 Komentar

Ditulis oleh pada Maret 27, 2012 inci Uncategorized