RSS

Gurit Udan

UDAN
Dening: Soegiyono MS

 

Udan
Tekamu ngirit bala mayuta-yuta
Mendhungmu mlarat ing gegapyak
Gludhugmu pating jlegur gegladhi perang
Sedhela-sedhela isih kumrelap
Sunaretustel malaikat motret donya
Kang kebak jejember pokal

Suwaraning udan sinawur-wara-wara
Kumandhang ing sela-sela kumrosaking deres
Kang ber-bandha enak eca bebenak kemul
Kang papa waspane balapan deres
Kelawan gumrojoge banyu udan ngrempeloni pepesthen urip

Udan bisa teka
Ora ndulu papan lan wayah
Pindha pangrabasaning pacoban urip
Titah ber-donya latah gumuyu
Saya anget lelemek babut pramudhani
Seselimut sutra tinaretes nawaretna

Titah papa-sudra, kontrang-kantringan golek pangeyupan
Gelaring urip lan klasaning pangupajiwa
Katrocohan udaning panalangsa
Teles kebes kinebakan jamuring sesrakah
Omahe kapisan kontal kasabet stick golf
Omahe kapindho kesrudug prahoto rodha nembelas
Kang melar ngiwa nengen

Udan isih deres nyuntak banyu
Banyu mripat
Mripat wong papa
Papa ing bandha
Bandha kang sirna
Sirna penemu lan pangajab ….
(Djaka Lodang No. 16/Th. XXIX, 18 September 1999)

 

UDAN RIWIS-RIWIS
Dening : J.f.x. Hoery

 

Udan riwis-riwis
Ngundang pangangen kang ginaris
Banyu kang ceblok siji-siji
Nggawa kabar apa?
Padangan – Bojonegoro
Mapak mangsa udan

Tedi Kusyarini
Gurit kanggo sliramu
Gurit wus ginurit ing layar putih
Rinakit basa saka jroning jiwa
Jiwaku kang kebak tresna kang seta

Lumantar gurit dak kirimna tresna
Kang ora winates ing basa
Luber saka jagad putih ing layar kaca

Gurit kanggo sliramu kang ngrasuk warsa
Dudu sadumeh barang gothang
Ing jroning bungkus kado kang tak caosake
Nanging lelantaran basa kang rinakit donga
Muga tansah kasil ngoyak pangarepan
Ing sajroning endahing kasunyataning ati
Saka tresna iki
(Djaka Lodang No.35/Th.XLII, 26 Januari 2013)

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog