RSS

Sekar Alit

Sêkar Macapat utawi Alit

76. Asmaradana

1. Sumrêk kang bala lumaris | bubare saking Sêmarang | asri tinon gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane asri gumuruh | kadya ombaking samodra ||

77. Kinanthi

1. Kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas sang apêkik | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angikibi | Sang Rêsi Kanekaputra | tumurun saking wiyati ||

78. Durma

1. Ridhu mawor mangawur-awur wurahan | têngaraning ajurit | gong maguru gôngsa | têtêg kadya butula | wor panjriting turônggèsthi | rêkatak ingkang | dwaja lêlayu sêbit ||

79. Sinom

1. Sigra kang bala tumingal | acampuh sami mêdali | lir thathit wilêting gônda | dhanghyang gung manguncang niti | benjang sang aji mijil | lathinya mêdali wuwus | trustha sura wilaga | kaya buta singa wrêgil | pasthi jôngga dêndhanya mangambak baya ||

80. Pangkur

1. Nimas Ratu Kalinyamat | tilar wisma mratapa anèng wukir | tapa wuda sinjang rambut | nèng wukir Danaraja | apratignya tan nêdya tapihan ingsun | yèn tan antuk adiling Hyang | patine sadulur mami ||

81. Dhandhanggula

1. Lawan katon pakuwon balamir | ingkang cêlak lan ing Parangjara | pakuwon kang urut lèpèn | kambah tyas kapirangu | rangu-rangu saya ngranuhi | wirangrong karungrungan | kumilat malatkung | sang rêtnayu rawat waspa | kadiparan margane gon ingsun panggih | lan wong agung Kuparman ||

82. Maskumambang

1. Putri Cina gêlangsaran kawlas-asih | mara Kelaswara | pêdhangên jurên wak mami | aja andêdawa lara ||

83. Mijil

1. Wayahing surya lagya tumiling | wanci lingsir kulon | anyunari botrawi kênyare | narawungi gêbyaring kang warih | ingkang rêm-rêm pitik | tumon cahya mancur ||

84. Mêgatruh

1. Sigra milir kang gèthèk sinôngga bajul | kawan dasa kang jagèni | ing ngarsa miwah ing pungkur | tanapi ing kanan kering | kang gèthèk lampahnya alon ||

85. Gambuh

1. Sêkar gambuh ping catur | kang tinutur polah kang kêlantur | tanpa tutur katula-tula katali | kadaluwarsa katutuh | kapatuh pan dadi awon ||[40]

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog